Wektu jaman biyen ing Bogor wonten praja kang ageng
ratune jejuluk Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi duwe putra telu yaiku Banyak
Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur.
Sak wijining wektu Prabu Siliwangi nimbali
kang putra Banyak Cotro. Sang Prabu sedya anglengseraken Panguwasane marang
Banyak Cotro. Banyak Cotro durung kersa awit rumaos dereng cekap ngelmunipun
uga durung krama. Dheweke duwe karep ngulandana njajah praja milangkori.
Kanthi nyandhang lumrahe wong desa
lan gantos jeneng Raden Kamdaka, Banyak Cotro ngulandoro ngantos dumugi ing
kadipaten Pasir Luhur. Piyambakipun sinengkake minangka putra sang Patih
Reksonoto.
Nalika wonten upacara anjara iwak ing kali
Logawa datan konyana-nyana Raden Komandaka ketemu karo Dewi Ciptoroso
putra-putrinipun pangunwaos pasir luhur Adipadi Kanandoho. Dasar Raden
Komandoko bagus pasuryane lan Dewi Ciptoroso putri kang sulistro ing warni
sakarone padha nduweni rasa tresna.
Nanging, Adipadi Kanandoho ora sarujuk banjur ngutus marang prajurite supaya
nyekel Raden Kamandoko. Kanthi pitulunganipun Patih Reksonoto Raden Kamandoko
bisa lolos saka pambujunge prajurit Pasir Luhur. Deweke njegur ana ing kali.
Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden Kamandoko wis tumekeng pati. Sakwise
mangerteni manowo Raden Kamandoko wis mati Adipati Kanandoho bungah banget
penggalihe, nanging Dewi Ciptoroso tansah sanget nandhang sungkawa.
Sakwise nyegur ing kali Raden Kamandoko keli
nganti tekan ing Desa Panagih. Ing kono Raden Kamandoko diaku anak karo mbok
Rondo Rektosuro.
Mbok Rektosuro gadhah jago sing dijenengi
“Mercu”. Raden Kamandoko seneng karo “Mercu” Sabanjure Raden Kamandoko seneng
aben sawung saben-saben diadu “Mercu” tansah menang, mula Raden Kamandaka
kondang kaloko nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur.
Pawartane Raden Kamandoko nganti kepireng
karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kabranang ing galih sareng uninga bilih
Raden Kamandoko taksih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman
kang badhe magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit
lamun bisa nyekel Raden Kamandoko.
Silih Warni sigra mangkat menyang Desa
Panagih dikantheni para prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden
Kamandoko adu jago. Naliko jago lagi tarung Silih Warni nubles bangkekane Raden
Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandoko bisa
mbrobos ilang saka Silih Warni mula panggonan iku banjur dijenengi Desa Brobosan.
Raden Kamandoko terus mlayu ngetan nganti
tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni
sak wadya balane terus ngoyak Raden Kamandoko. Raden Kamandoko terus mlayu
nganti tekan ing gua. Ing kono Kamandoko ngaso sawetoro. Ora suwe banjur Silih
Warni nututi tumeka ing gua iku.
Silih Warni nantang perang tanding karo Raden
Kamandoko. Raden Kamandoko banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandoko nanging
Banyak Cotro Putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wonglumrah” kandhane Kamandoko.
Silih warni, “Apa bener ?”
Kamandoko, “Ya bener, aku Banyak Cotro”.
Silih Warni, ”Aduh Kakang kulo kang rayi, Banyak Ngampar,
Romo ngutus aku supaya nggoleki Kakang”.
Saklorone banjur rerangkulan.
Papan kang minangka ketemu dijenengi Gua Jatijajar amethik saka tembung
Pajajaran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar