Wis kulina, wiwit ditinggal embokne dadi T.K.W
ing negara Jiran, Warni tangine kulina esuk jam papat. Masak kanggo simbok,
bapak, lan adhine, Warti sing isih klas lima S.D iku, rampung masak nggugah
adhine, dikon ngrewangi nyambut gawe (nyapu latar). Warti ya manut, awit
mbakyune pancen sing ngrembug sakabehe.
Sawise padha adus lan sarapan bocah loro
siap-siap arep sekolah. Warni ana S.M.U. negeri klas telu, adohe saka ngomah
udakara kilometer telu, dene sekolahane Warti mung ana kidul desa. Budhale
bareng digoncengke pit mbakyune, dene mulihe mlaku karo kanca-kancane.Sardinah
embokne, wis telung taun melu ngumbara ning Malaysia bareng tangga-tanggane
sing sedesa kana ana wong papat.
Racake padha potholan S.M.A lan S.P.G. kanthi
ndaftarake resmi lewat pemerintah. Asile kena dirasakake. Nyatane Warni dhek
ditinggal lagi S.M.P. bar ujian, Warti isih cilik lagi klas loro. Bocah loro
iku asil saka anggone bebrayan karo Karto, anake mbok Dipo sing mung tangga
cedhak. Istilahe pek ngga ngono kae.
Mbok Dipo lan mbokne Sardinah tetanggan
apik wis kaya sedulur.Yen ana kekurangan kabutuhaning urip sedina-dina, lih
sinilihan,utang-utangan, pokoke endi sing ana. Padha dene mung anak-anak siji.
Karto bocah ontang-anting, dene Sardinah ya ora duwe tunggal. Wong tuwa mbiyen
ngono lumrah, yen atine padha dene cocok, njur padha ayon-ayonan njodhokke
anake, ben terus olehe padha seduluran. Sardinah senajan bocah wedok ijen, ning
dening mbokne digegadhang mbesuke bisa dadi wong sing mandhiri, mula sekolahe
disurung-surung tenan ben maju lan pinter. Gaweyan ngomah ya ditrapi apa
lumrahe bocah wadon.
Ya reresik, ya mangsak, ya dikongkon
nyumbang, rewang, layat. Wis pokoke Sardinah prigel ing samubarange, gek
sekolahe ya pinter. Eman, bapake wis ngajal dhek Sardinah umur 10 taun. Bapake
mbiyen nyambut gawe neng air minum, dadi mbokne ya nduwe pensiun janda. Seje
karo Karto, anak lanang siji, bapake banjar pekarangane amba, sawahe akeh. Mula
janji ngati-ngati olehe ngecakke mesthi bakal cukup.
Karto, dhek isih ana S.D, S.M.P, sekolahe
ndalan bijine ya cukup. Ning bareng pindhah ana S.M.A dadi malih. Kakehan
kanca, sing senengane mung ubyang-ubyung. Bapak mbokne ora jeleh-jeleh anggone
ngandhani, ning Karto kanthi nylimpet-nylimpet isih wae olehe ubyang-ubyung ora
genah. Saking juweh lan tlatene anggone nyurung-nyurung wong tuwane, sidane
ujian S.M.A ne ya katut lulus, senajan kanthi biji sing ngampret.
Seje karo Sardinah, dhasar bocah tuwajuh,
pethel, nurut karo wong tuwa, mula asil bijine ujian ya maremake, sasat kabeh
angka wolu. Mbokne bungah lan mongkok. Ning ya kuwi, senajan Sardinah wis
cemetha yen kepingin nerusake, ning mbokne kandha yen ora. Wong kuliah mono
ragade akeh, njur dhuwit saka ngendi? Yen mung mogol neng tengah-tengah rak
malah eman-eman mesakake lehe nglakoni. Dhasar Sardinah bocah mbangun miturut,
mula ya manut trima mothol S.M.A. Beda karo Pak Dipo mbok Dipo olehe ngrih-arih
Karto dikon kuliah, embok menawa mengko bisa mergawe apa ta apa, syukur bisa
dadi pagawe negri.
Piye wangsulane Karto? Jare pingin kawin
dhisik ben atine tenang, mengko njur kuliah. Mangka sing disir ora liya ya
Sardinah tanggane cedhak sing srawunge sasat saben ndina. Gandheng wong tuwane
padha cocoge, tur Sardinah ya manut mituhu karo mbokne, mula bareng dilamar Pak
Dipo kanggo Karto, ya njur entuk ngono wae. Malah mung ganti sasi njur
dinikahake. Kesaguhane kuliah, Karto mung ndobos, wong dhasare utege kethul
tambah keset pisan. Kesenengane dolan isih kaya nalika jaka.
Tujune
Pak Dipo lan bojone tresnane kepati karo mantune. Dhasare Sardinah pinter
momong maratuwa. Dadi senajan dina-dinane Karto mung lang-leng dolan sing ora juntrung,
ning uripe Sardinah lan mbokne tetep ayem tentrem disangga maratuwane. Pas
setaun bebrayan pinaringan momongan lair wadon ya Suwarni sing saiki wis dadi
prawan cilik sing sekolahe wis kelas telu S.M.P. Lan lair meneh wadon sing
banjur dijenengi Suwarti, saiki S.D klas loro. Sejatine Sardinah krasa yen
polahe sing lanang saya suwe saya ndadra.
Sardinah ya krungu saka tangga-tangga,
kejaba ubyang-ubyung dolan, ning Karto ya bojone kuwi sok melu umben bocah
enom-enom. Bab dhuwit, mesthi wae ya njaluk mbokne senajan cara dhelik-dhelikan
aja nganti ngerti Sardinah. Warni anake sing wis gedhe kerep weruh bapakne
ndhodhosi dhuwite mbahne lan banjur wadul marang embokne. Saking kerepe,
Sardinah wedi yen nganti diarani, mula niate arep ngajar bojone ben gelem
nyambut gawe. Bareng ing ndesane cah-cah enom dha ndhaptarke dadi T.K.W. ing
Malaysia, Sardinah mung rembugan karo Warni lan embokne melu dhaftarake, pingin
nyambut gawe sing gajine jare kena dirasakake.
Endilalahe wae bocah sedesa papat kok
katut kabeh, klebu Sardinah. Ulehe kandha karo bojo lan maratuwane sa kloron,
bareng budhale ning Jakarta (ing papan pelatihan kerja) keri sepasar. Sardinah
kandha maratuwane, yen sasuwene dheweke nyambut gawe, mbokne lan Warni wis
mrantasi. Kepeksone Pak lan Mbok Dipo ya ngidini, merga Warni kekarepane wis
ora bisa dipenggak maneh. Ora wurung dening bapak mbokne, ya mung Karto sing
diomeli terus, dadi suhing keluarga kok emoh nyambut gawe. Bisane mung
nguthes-uthes dhuwit wong tuwane.
Nalika ditinggal lagi sesasi rong sasi ya
gelem rewang-rewang wong tuwa nggarap sawah, ning dhasar wong wegahan, mula ya
gampang wae jeleh, kesenengane lawas bali malah kepara ndadi, awit bojone sing
mbiyen tansah ngelokake saiki wis ora ana. Wong tuwane wis ora digubris. Nalika
lunga nyandhak patang sasi, Sardinah wis kirim dhuwit Warni liwat pos, sing ya
lumayan yen mung kanggo urip lan mbayar S.P.P. sing wiwit mbokne lunga nunggak
durung dibayar.
Karto
ngerti, mula saiki ora mung mbokne sing dadi sasaran yen butuh dhuwit, ning
karo Warni anake ya tegel nembung. Pokoke Karto saya sakarepe dhewe. Nalika
Warni ngurus layang-layang kanggo njupuk dhuwit kiriman saka mbokne ana
kalurahan, Warni didangu Pak Lurah blaka apa anane. Uga bab kahanane Karto
bapakne. Ngendikane Pak Lurah : ?Warni, sarehne omahmu mung mepet bale kalurahan,
apa gelem yen kowe ndak wenehi tugas nyapu njero pendhak esuk sadurunge mangkat
sekolah? Pendhak sasi mengko kowe ndak wenehi jajan. Dene nyapu lan reresik
njaba wis ditandangi Pak Truno (Pak Bone).?Barang wis mikir-mikir sedhela Warni
mangsuli : ?Inggih, Pak Lurah, kula purun.? Pak Lurah mesem, banjur ngendika :
?Yen ngono, kowe ndak cekeli kunci kanggo mbukak yen arep nyapu, kunci sijine
wis digawa Pak Dhukuh, kanggo mbukak yen wis jam kerja.?
Tekan ngomah Warni kandha karo simbok lan
adhine, kabeh setuju. Pokoke gaweyan ngomah bareng-bareng ditandangi, kejaba
Karto bapakne sing padha disekarep. Wiwit iku Warni tambah nduwe tugas reresik
njero ing kantor bale Kalurahan. Ora beda karo Sardinah mbokne, anggone sregep,
tawekel ing samubarang gawe. Dhasar wis dilatih nyambut gawe wiwit cilik, mula
kabeh gaweyan dilakoni kanthi seneng. Lumakune wektu ora rinasa, Sardinah
nyambut gawe ana paran wis ngancik telung taun.
Saiki Warni wis klas telu S.M.U. Dhuwit kiriman
saka mbokne dicakke kanthi ngati-ati, malah bapakne dijatah supaya ora tansah
njaluki wae. Dene sasen saka Pak Lurah ditabung, isih tambah turahan
sithik-sithik saka mbokne uga dilebokke pisan. Kabeh mau ndadekake Warni
mundhak greget sinau lan nyambut gawe, uga saya P.D karo apa sing ditindakake.
Mbah-mbahe padha seneng lan marem nduwe putu Warni. Adhine uga dikulinakake
dhisiplin lan mandhiri kanthi conto-conto gaweyan ing saben ndinane.
Perkara bapakne, kabeh wis ngejarke disekarep.
Senajan adoh, weling sing arupa pitutur lewat surat-surate mbokne yen karo
kirim dhuwit tansah diestokke dening Warni lan adhine. Kaya dene unen-unen kae
tenan. Senajan adoh papane antarane mbok lan anak, ning ing atine kekarone
cedhak banget, sing ndayani padha dene aweh daya kekuwatan anggone padha
ngayah-ayahi jejibahane. Sing sekolah ya tambah sregep sinau, ngelingi wong
tuwane sing nyambut gawe neng paran, dene sing neng paran ya tambah semangat
leha nyambut gawe.
Ngelingi anak-anake sing padha ana ngomah padha
maju sinaune merga saka prihatine wong tuwa. Kosok balen karo Karto bapakne.
Dhuwit saka anake mung dienggo seneng-seneng dhewe, yen kurang nggedhak bapak
utawa embokne. Warni senajan ora kejarag neng wis krungu sriwing-sriwing, yen
bapakne anggone kerep ora mulih kuwi saiki katut babon. Mangka babon kuwi wis
nduwe jago, sing saiki lagi nyabut gawe neng Arab ngadu nasib. Dhuwit ajeg
dikirim mulih, ning sing wadon ya malah seneng-seneng karo bapakne Warni kuwi.
Kabar mau wis ubur, ning Warni emoh nyampuri
urusane wong tuwa, dhasar bapakne dikandhani mboke wae mbantah, biasane bapake
njur malah nesu lan mecahi bekakas. Babon sing diereki Karto mau ora liya Mbok
Darwi, sing mbiyen gaweyane adol gorengan ning saiki wis ora. Ya mung malah
ngundher neng ngomah didhekemi Pak Karto kuwi. Tangga teparone ya wis sok padha
nyindhir-nyindhir ning mbok Darwi ya teblek wae, dhasar rai gedheg. Merga risi
entuk wadulane tangga, Pak Dhukuh wis tau kandha : ?Mbok Darwi, sampeyan niku
biyen dodol gorengan, saniki kok malah nganggur, rak mesakake Pak Ngali bojo
sampeyan sing teng Arab ta? Direwangi bebara teng njaban rangkah adol tenaga
kok sing teng ngomah mung seneng-seneng nganggur, mbok nggih nyambut gawe napa
ta napa!?.
Mbok Darwi mangsuli entheng : ?Pak Dhukuh, wong
bojo kula mawon akon kepenak, kok wong-wong niku dha iyik. Tikna jenengan rak
disogoki wong-wong niku ta??. Pak Dhukuh lunga karo kandha semu ngancam. ?Embok
Darwi, kula empun ngelingke sampeyan lho, mangkih nek masyarakat niku nesu
desane diregedi mang tanggung dhewe.? Mbok Darwi meneng wae. Saiki nek kencan karo
Karto kanthi ndhelik-ndhelik ora wani ngedheng, kerepe wayah bengi.
Ngarepke Warni ujian klas telu, mbokne ngabari
yen entuk cuti rong minggu, niate arep mulih, ning wektune durung bisa
nemtokake. Dhuwit saka paran arep ditransfer wae neng rekeninge Warni, supaya
neng ndalan slamet, ora ana rasa wedi yen, di grayak wong. Warni isih meneng
wae karo wong ngomah, merga dina lan tanggale mbokne bali durung mesthi.
Pancen, samubarang kuwi yen ora dipikir, malah
ora dadi beban penalaran. Kaya dene Warni ora mikir mulihe mbokne. Ing wayah
sore nalika Warni lagi siram-siram latar, ndadak ana taxi mlebu pekarangan njur
mandheg neng latar. Warni kamitenggengen lehe nyawang. Bareng lawang taxi
dibukak, Warni mbengok sora : ?Mbah ? mbah? mbah ?dhenok, Warti ?gilo simbok
mulih !? Sing ana njero omah kabeh metu, banjur ngruyuk sing lagi teka. Warni
lan Warti ora lerem-lerem nggone ngambungi mbokne, sing saka pangrasane saiki.
Mbokne mundhak ayu lan putih, gek ya lemu pisan.
Kabeh mlebu ngomah kono nggawa gawan tas lan koper, mestine isi oleh-oleh. Lagi
wae padha lungguh karo crita ngethuprus, ndadak saka dalan ana mobil polisi
ngunekake sirene mlebu pekarangan. Wong saomah padha kaget. Let sedhela, saka
mobil patroli mau, ana polisi mudhun, uluk salam terus mlebu. Pak lan mbok Dipo
sing methukke. Pitakone polisi : ?Leres, pak, mriki griyanipun Pak Karto
ingkang semahipun wonten Malaysia??.
Gupuh
wangsulane Pak Dipo : ?Inggih, Pak Polisi, wonten punapa??. ?Anu, Pak, nyaosi
pirsa keluarganipun Pak Karto, menawi piyambakipun sapunika wonten griya sakit,
saking keluarga dipun aturi nuweni!?. ?Wonten punapa, Pak, anak kula Karto??,
pitakone mbok Dipo groyok. ?Anu ?. Keng putra dipun kroyok masa, mergi slingkuh
kaliyan tiyang estri ingkang dipun tilar semahipun nyambut damel dhateng Arab, masa mboten
trimah?. Krungu kandhane polisi mau, Sardinah sing lagi wae teka dhok, langsung
jempling ngloso ana njogan. Sambate : ? Walah kang Karto ? patrapmu kok saya
ndadi, saiki malah kowe diajar wong akeh merga pokalmu. Kowe kok ora welas karo
aku ta kang ?.??
Saking : http://cerkak-jawa.com/?p=28
Tidak ada komentar:
Posting Komentar