“Mas Proyek, sampeyan wingi, ngulungke dhuwit, banjur bablas
mlayu wae. Nika kurang sampeyan mbayare.” Uwong sing sajake lagi proyek lan
dina-dina iki pendhak wengi jajan nang angkringane Paimin jebul teka maneh
bengi kuwi. Lingguhe isih tetep nang kursi biasane. Dadi nalika teka Paimin
bisa langsung nyapa. Paimin apal, kelingan wae.
Disapa mas Proyek, pawongan kuwi ora protes, wong dheweke
pancen lagi kerja nang proyek tenan. Rumangsa kenal karo tukang angkringan. Ewa
semana dheweke uga wangsulan.
“Wah, sampeyan mbok mboten gawe-gawe. Biasane regane nggih
samonten. Kula bola-bali jajan mriki nggih sampeyan protese namung sakniki.
Wingi-wingi sampeyan mendhel mawon. Niku rak berarti sampeyan gawe-gawe. Kula
mbayare nggih sami.” Pawongan kuwi mau sajak ora trima diomongi menawa olehe
mbayar wingi kurang.
“Sampeyan wingi ngulungke artha langsung ngeplas bablas ora
tolah-toleh ana wong celuk-celuk. Kula rak wingi nyeluki, ngomong menawi
sampeyan mbayare kirang.”
“Lha enggih, kula niku selak ajeng teng wingking. Pun ora
kuat malih nahan. Genahe pripun niku.” Bab alasan cepet-cepet lunga dheweke
ngapusi wong satenane dheweke selak kepingin ngombe. Nanging rumangsa wingi
nalika sawise mbayar dheweke ngeplas sakbare ngulungke dhuwit, dheweke ngakoni
wae.
“ Njenengan kedah nambahi kirange wingi, sampeyan wingi
ngulungke artha samenten tha,”muni ngono Paimin karo nuduhake dhuwit. “Niki
nggih arthane sampeyan, taksih tak simpen. Tak duduhke sampeyan saniki. Niki
kirang niki,” Paimin nuduhake dhuwit sing wingi diulungake dening pawongan
kuwi.
Ngerti dhuwite wingi isih disimpen, dhuwite pancen kaya
ngono, wis lusuh, pawongan kuwi ora bisa selak. “Enggih samonten, biasane kula
mbayare nggih samonten.”
“Biasane pancen samonten, nanging kawit wingi regane rak
mindhak, dados sampeyan mbayare kirang. Sampeyan ngeplas, diceluk-celuk bab
mbayare kirang, bablas mawon,” semaure Paimin seru, nggenah-nggenahake.
“ O, dados regine mindhak.”
“Mindhak, barang-barang saniki larang kabeh. Beras larang,
lengo larang, niku sebabe dodolan kula regine nggih mindhak.”
Paimin mau sakawan-awan krungu anggone bojone grundelan.
Dheweke isih mangkel, sebab bojone olehe omongan ora meneng-meneng. Saiki ana
papan dienggo muntapke mangkele, ya digunakake. Pawongan kuwi mau rumangsa
salah, diocehi Paimin, ya ora bisa selak. Malah olehe mangan alon-alon, wis
ngono ndingkluk wae ora mlirak mlirik kaya biasane.
Bojone Paimin, si Inah, sakawan dhek ora nglerenke kuping.
Arep ora dirungokake, lha olehe grenengan seru-seru. Ana ing sisih ngendi wae
kepara isih rungu. Bisa uga tanggane kiwa tengen padha krungu.
“Beras mundhak, barang-barang mundhak. Sesuk nek ora bisa
kulakan, wong kaya ngene iki rak ora bisa dodolan. Jare pemerintah kuwi duwe
menteri ekonomi sing pinter, nanging njaga reregan ora mundhak wae ora bisa.
Menterine kuwi terus gawehane ngapa? Menawa ngundhakake rega wae aku yo bisa.
Menawa ngono carane, wis ora usah golek mentri sing pinter-pinter. Kabeh uwong
menawa kur pasang rega wae rak ya bisa.
Dhuwe pemerintah kuwi sejatine supaya bisa ngayomi rakyat
ngene iki. Supaya ora perlu saingan urip karo wong sing wis kelair sugih. Lair
procot warisane wis atusan juta. Kepriye wae menawa wong cilik bisane kuwi mung
ngalah. Nanging mbok ya ora banget-banget. Dumeh wong cilik biasa ngalah wae
dikalahke terus-terusan. Ora tau dibelani kepentingane. Mengko, ngerti-ngerti,
arep bangun apa, iuran. Sithik-sithik swadaya. Trus pajek-pajek kae
dingandekake.
Beras kae. Jare negara iki penghasil beras. Lha kok
bisa-bisane beras regane mundhak ora ketulungan. Biyen wayahe panen, wong tani
kae yo dikon adol nang pemerintah, pemerintah nukoni berase wong tani, olehe
nuku regane ya ora cucuk karo ragat sing wis dikecakke karo wong tani. Jare
berase arep disimpen. Mengko sawayah-wayah butuh wong cilik oleh nuku beras
kuwi. Lha endi saiki. Simpenane bisa-bisa didol melu rega sing wis dhuwur.
Sengaja golek badhi. Lha nek mung bisa mbadi rakyate dewe wae ora usah padha
gembagus. Ngono kuwi rak jenenge ora becus.”
Wis ngomong nrucus ora mandhek-mandhek kuwi, si Inah isih
nerusake maneh.
“Nang TV kae si A ngomong ngene, si B ngomong ngono. Sing
bener banjur sing endi. Kabeh-kabeh ngomong thok. Janji-janji mung padha lamis,
ora ana sing dinyatakake. Sajake mung padha pinter-pinteran ngomong. Mengko
bisane mrentek-mrentek. Kabeh-kabeh disalahake, kabeh-kabeh digawa-gawa. Sing
angkutane susah. Sing dalane bolong-bolong aspale ora alus. Sing iki. Sing
kuwi. Sing ngene. Sing ngono. Nyalahke kana nyalahke kene. Ora padha
ngrumangsani salahe dhewe-dhewe. Ora padha rembugan bareng-bareng kepriye apike
tumrap wong akeh. Golek apike dhewe, golek benere dhewe. Golek amrih bathine.
Penggedhe kok saya suwe sansaya ora bisa dinut. Omongane
padha mencla mencle. Esok abang awan kuning, kaya bunglon wae. Dadi penggedhe
kuwi rak kudune kaya wong tuwa momong anak. Sing tansah dipikir lan diupayakake
kepriye amrih becike anak. Lha menawa wong tuwa ora mikirke anak maneh, kapan
anake bisa gedhe. Ngono kuwi rak jenenge wong tuwa mburu senenge dhewe. Saru.
Ora patut ditiru. Aja turun anak putu.
Menawa dadi penggedhe kuwi sing tansah dipikir awake dhewe,
kuwi jenenge durung siap dadi penggedhe. Apa maneh menawa sing diburu kuwi
kandonyan. Diangkat dadi penggedhe kuwi rak sapa wonge sing siap lahir batin.
Siap lahir kuwi dene kudu gagah dedeg piadege supaya sapa wong sing mbutuhake
dheweke, dheweke tansah sumadyo. Siap batin kuwi ateges lila legawa gawe
senenge wong akeh. Kadhang tansah ngalahake kekarepane. Ngono kuwi lagi jenenge
penggedhe. Wong sing aweh pangayoman.”
Menawa ora kudu nang mburi marga kebelet, Inah paling urung
leren anggone grundelan. Ngerti Inah meneng, Paimin krasa lega. Nanging
mangkele isih kegawa nalika wis dodolan. Malah nganti tekan wengi mangkel kuwi
mau urung kelair. Isih ngganjel. Saiki kepeneran, ana pawongan sing bisa
didadekake panggon numplekake mangkele. Paimin dadi ketularan bojone, nrucus
ora karu-karuan.
“Priye maneh, Mas Proyek. Kabeh bahan sing didadekake
panganan nang kene iki bahane mundhak. Menawa ora melu ngundhakake rega tenehan
rugi. Sesuk ora bisa kulakan maneh. Wingi mawon, nalika reregan nembe mundhak,
ndalu saderenge olehe dodolan regane nggih padha biasane, akhire ora sida
badhi. Olehe dhuwit kabeh mung dienggo kulakan. Dados ampun nyalahke kula
menawi sakniki reregan ten angkringan mriki nggih melu-melu mundhak,” ujare
Paimin.
“Kula mboten nyalahake njenengan kok, niku pun limrah.
Reregan wonten mriki ngetutke reregan liyane,” pawongan kuwi semaur, olehe
ngomong diterusake.
“Waduh, ning kula nambahi kirangge mbenjang nggih, niki kula
mbetane artha namung ngepas. Kula pun kebacut mangan cakar. Menawi kula mboten
mangan cakar janjane nggih saget nambahi sakniki. Cakare niki regine nggih
mindhak napa?”
“Enggih, cakare nggih mindhak, lha wong pakan pithik nggih
melu-melu mindhak. Ora pangane manungsa thok sik mundhak, pangan pithik uga
mundhak.”
“Waduh, berarti,” ngomong karo sajak khuwatir, pawongan kuwi
ngetokake dhuwite. “berarti dhuwitku kurang maneh, Mas. Niki kula nggawane
samenten. Mbenjang nggih kirange.”
Paimin sing wis kewetu kabeh mangkele sajak sareh. Wis ora
nrucus maneh. “ora apa-apa, Mas Proyek. Sesuk olehe nambahi ora apa-apa. Mas
Proyek, sesuk mriki malih tha….”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar