Kala
rumiyin, Kudus arupi dhusun alit ing wewengkon kraton Majapahit. Salah
sawijining dinten, wonten pedagang saking Cina asmanipun Sun Ging. Piyambakipun
ahli ukir. Kawasisanipun sampun kawentar dumugi kraton Majapahit. Kalajeng
dipuntimbali dening Sang Nata Kraton Majapahit kapurih ngukir rerenggan kraton.
Kasilipun ngedap-edapi. Wusananipun, Sun Ging dipunparingi panggenan kangge
ngedekaken perguruan ukir ing dhusun papan panggenanipun. Ing sakmangke,
papanipun kasebat Sunggingan, tegesipun papanipun kaluarga Sun Ging. Ananging ,
carios sanes nyebataken bilih Sunggingan menika ateges ngukir/ nglukis. Juru
sungging ateges ahli nglukis/ ngukir. Ingkang nggadhahi menika Ling Sing
pedagang saking Cina.
Sunggingan
saya ngrembaka ekonominipun ngantos dumugi Kraton Islam Demak Bintoro ingkang
langkung caket tinimbang Kraton Majapahit. Raden Patah minangka natanipun
ngutus Syekh Jafar Shodiq, ulama ageng saking Persia kanthi ancas ngislamake Sunggingan.
Syekh Jafar Shodiq kairing para santri dumugi gapura kanthi ornament Hindu
warisan Majapahit. Ing gapura menika, Jafar Sodiq ngajak para warga
sakkupengipun kapurih ngrasuk agami Islam. Caranipun ngajak kanthi alus.
Gandheng para warga ngrasuk agami Hindu, Japar Sodiq ngasta lembu gapura
kasebat. Masyarakat kepincut ndhatengi awit lembu menika minangka Dewanipun.
Boten dangu, saperangan warga sampun ngrasuk agami Islam, kalebet Sun Ging/
ling Sing (sakmenika jalan Kyai Telingsing). Ing wasana, Jafar Sodiq ngedekaken
masjid sakcelakipun gapura ing dhusun menika. Bangunan mesjid dipunrengga
kanthi rerenggan lempengan sela cemeng (batu hitam ) saking Baitul Maqdis ing
Yerussalem, Palestina. Saking nami Baitulmaqdis menika nami dados name
Kudus ingkang tegesipun suci. Saya dangu mesjid kasebat kawentar kanthi
nami mesjid Kudus (mesjid ingkang karengga lempengan watu Al Kuds/ watu suci).
Kanthi
wontenipun mesjid Al Kuds lan ngedekaken pesantren , saya kathah masyarakat
njaban kitha ingkang nggadhahi ancas ngaji lan maneka warni pedamelan saya
ngrembaka (dagang, tetanen, ngukir, lsp). Dhusun Sunggingan ingkang dipunrintis
dening Ling Sing dados kitha lan pusat pesantren kawentar kanthi sebatan Kudus.
Syekh Jafar Sodiq misuwur kanthi sebatan Sunan Kudus. Gapura ingkang
kaginakaken syiar Islam dening Jafar Sodiq pranyata dados salah satunggaling
ciri khas kitha Kudus inggih menika Menara Kudus.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar