Ing
jaman dhisik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan
wilayahe yaiku alas gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut lan kewan
liar. Kaanan pulau Jawa ing wayah kuwi miring, sehingga ngawatirke makluk kang
urip ana pulau Jawa. Namung ana setitik panggonan kang bisa dihuni saka
sekelompok manusia sing urip kanthi nggerombol lan dhemen ngalih-alih amarga
keganasan alam lan mungsuh.
Para
penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi
sabenere miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor lan angslep ana segara
kidul. Sing meruhi kaanan iki yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli
kelangsungan urip para penghuni pulau Jawa wayah kuwi. Para dewa neng kayangan
akhire sepakat kanggo nggawe supaya pulau Jawa ora miring, dadine para
penghunine bisa kembang biak lan tambah maju peradabane.
Rasa
wedhi sing pada dirasakake mesti wae ora bisa disingkiri meneh. Ora mung
menungsa sing keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga
saking wedhine.
Selanjutnya cerita
rakyat bahasa jawa nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug
meneh kanggo nentoke pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi.
Para dewa mutusake bakal nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banget
kanggo makhluk-makhluk gaib lan dhuwur banget. Para dewa banjur njaluk ijin
marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya cepet ngalih saka panggonan kui,
amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake menyang tengah-tengah
pulau Jawa.
Saka
lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni menungsa
loro sing lagi tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro
kuwi tenyata empu sing lagi nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa
Panyarikan lan Batara Naradha sekalian para prajurit kanggo ngandhani marang
wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep didokokake gunung
Jamurdwipa.
Bagaimana
kisah selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa bisa kita simak di
bawah ini.
Para
utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa
alat. Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam lan amung nganggo tangan
kosong dekne kabeh nggunake epek-epek lan driji kanggo mbetuk lan ngukir
campuran logam kuwi nganti atos.
Pagawean
empu nang wayah kuwi mesti wae ora bisa disela amarga merloake konsantrasi
dhuwur kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi
kuwi banjur digebug-gebug lan diurut-urut para empu kuwi mung kanthi tangan.
Lan sing luwih nggumunake meneh lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa
ning tangan para empu kuwi ora kobong sethithika wae.
Pagawean
empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula
gaweane dindhegke sawentara lan memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu
kesebut banjur ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing
sijine meneh nduwe jeneng Mpu Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake lan wawan
pangandikan, akhire Batara Naradha lan Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.
Batara
Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah
saka lokasi kuwi amarga arep didelehi gunung gedhe sing bakal digunakne kanggo
nyeimbangke pulau Jawa sing lagi miring. Batara Naradha nggamblangna babagkan
kedadeane gempa lan kaanan pulau Jawa sing ngawatirke banget lan ngarepke
supaya Empu kuwi gelem ngerti lan nuruti kekarepane tanpa ana alangan. Ora lali
Dewa Panyarikan ugo nggamblangna pentinge pagawean kuwi kanggo keterasan urip
para penghuni pulau Jawa.
Dalam
kisah cerita rakyat bahasa jawa selanjutnya mengisahkan kedua
Mpu yang tidak mau memenuhi perintah Dewa.
Mpu
Permadi lan Mpu Rama bingung lan padha delengan. Katon saka raine kaya ora
gelem nuruti kekarepan para dewa amerga para empu kuwi nduweni kepentingan
panggawean sing durung rampun mau. Lan jebulna loro empu kuwi ora gelem nek
kudu ngalih panggonan, sakwentara pagawean nggawe kerise lagi wae dimulai lan
kudu dirampungke ana lokasi kuwi. Para Empu kuwi ngaturke yen panggawen kerise
kuwi mau ora rampung kanthi sempurna maka bakal nekakake lelakon kanggo
manungsa, mula dekne kabeh njaluk kudu nunggu nganti gaweane rampung.
Para
utusan Dewa nduwe pemikiran yen penggawean iki yaiku perkara sing bersifat
penting, dadine menawa kudu nggunakne peperangan bakal dilakoni dheweke.
Para utusan Dewa kuwi ora leren-leren njelaske menawa tugas sing digawa iku
kanggo keterasan urip umat neng pulau Jawa. Ning para Empu kuwi uga tetep nang
kekarepane, nek pangerjan keris kuwi ora sempurna uga arep nekakake lelakon
kanggo manungsa.
Amerga
ora ana pihak sing gelem ngalah kahanane tambah dadi ora karuwan. Merga alasan
sing penting banget, mula para utusan Dewa banjur nggunakne peperangan kanthi
ngerahke kabeh prajurit pengawale kanggo nyerang empu kuwi. Ananging mergo
kasekten saka para Empu mau mula kabeh prajurit bisa dikalahake kanthi entheng.
Saiki
kari ana papat yaiki utusan Dewa lan 2 empu, dekne kabeh adhep-adhepan lan
kedadeana duel siji mungsuh siji. Duel iki katon imbang antara siji lan sijine
nganti gawe panggonan sekitare pada bosah-baseh, akeh watu pada mambur lan ajur
dadi awu, wit gedhe-gedhe ambruk lan keluk utawa kebul mumbul.
Bagaimana
kisah cerita rakyat bahasa jawa selanjutnya simak di bawah
ini.
Batara
guru banjur menehi titah marang Dewa Bayu kanggo menehi pelajaran marang Mpu
Rama lan Mpu Permadi. Dewa Bayu dikongkon supaya cepet ngalihake gunung
Jamurdwipa kanthi di damu. Batara guru ora praduli karo kaslametan empu kuwi
amarga wis ngelehke para dewa lan mbahayake kaslametan umat manungsa.
Dewa
Bayu banjur mangkat menyang segara kidul. Kanthi kasaktene, Dewa Bayu banjur
ndamu gunung kuwi. Damuan Dewa Bayu sing kaya angin topan gawe
gunung Jamurdwipa mabur nganti tekan langit banjur tiba pas neng panggonan empu
kesebut. Mpu Rama lan Mpu Permadi sing ana ing panggon kuwi melu ketindih
gunung Jamurdwipa nganti mati saknalika. Banjur roh para empu kesebut ora bisa
katampa neng suwargo lan dadi panunggu gunung kuwi.
Senajan
Mpu Rama lan Mpu Permadi sing sakti kuwi wis mati ketindihan gunung, nanging
kasektene ora luntur. Bakal keris sing isih proses mau isih murup lan ora bisa
dipateni kajaba saka empu sing wis mati kesebut malah keris kui mau
terus-terusan murup lan dadi kawah ana ing tengah gunung Jamurdwipa. Amerga
awale panggonan gunung iki yaiku kawujud api utawa geni mula para dewa ngganti
jeneng gunung Jamurdwipa kanthi jelukan Gunung Merapi.
Saking: http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-rakyat-bahasa-jawa-kedadean-gunung-merapi.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar