Ing Pantai Lor Pulo Jawa (
Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut
Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku
yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda
dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti
pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati
nduweni putra jenenge Raden Jasari.
Sawetara iku, kadipaten
Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali
Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe
anak wadon jenenge Rara Rayungwulan.
Kacarita, lelorone
kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake
pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine.
Adipati Paranggaruda ngirim
utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa,
nanging calon penganten putrid njaluk bebana supaya ing acara pahargyan boja
wiwaha dhaup dimeriahake pagelaran wayang kanthi dalang kondhang sing jenenge
Sapanyana.
Kanggo nglurusake bebana
iku Adipati Paranggaruda yaiku Adipati Yudhapati nugasake Yuyurumpung,
penggedhe ing Paranggaruda. Kanggo nglaksanakake tugase, Yuyurumpung niat
nglumpuhake wibawa kadipaten Carangsoka kanthi cara nguasai pusaka piyandele
kadipaten Carangsoka pusaka keris rambut pinutung lan kuluk kadigoro sing
diduweni raden Sukmayana, penggene Majasemi, salah sijine bagian kadipaten
Carangsoka.
Pusaka loro kasil kajupuk
kanthi bantuan Sondong Majeruk, wong sekti ing Paranggaruda. Nanging sak
durunge diwenehake Yuyurumpung, pusaka loro bisa direbut dening Sondong Makarti
sala Wedari. Wasana Sondong Majeruk mati, pusaka keris rambut pinutung lan
kuluk kanigara diaturake Raden Sukmayana.
Sanadyan mangkana
Yuyurumpung kasil nerusake tugase nggoleki dhalang sapanyana supaya dhaupe
putra adipati parang garuda lan putrine adipati Gatangsoko bisa kaleksanan.
Nanging ngepasi acara resepsi nembe kawiwitan, penganten putri ninggalake kursi
penganten menyang panggon lan mlayu karo dhalang Sapanyana saengga dhaupe Raden
Jasati lan Rara Rayungwulan ora sida dileksanakake.
Adipati Yudhapati rumengsa
diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo adhipati puspa andungjaya.
Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ing paperangan
iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan
digentani adhike yaiku Raden Kembangjaya. Kanthi dibantu dalang Sapanyana sing
nggunakake pusaka sekti, kasil menang ana ing paperangan lawan kadipaten
Paranggaruda. Adipati Paranggaruda Yudhapati lan putrane Raden Jasari gugur.
Karana jasane Raden Kembangjaya didhaupake karo Rr. Rayungwulan lan diangkat
ngganteni Yudhapati dadi adipati, dalang Sapanyana diangkat dadi patih kanthi
gelar Singasari. Kanggo ngatur pemerintahan sing ditambah amba ngidul, adipati
R. Kembangjaya mindahake pusat pemerintahan ana ing desa Kemiri kanthi ngganti
dadi kadipaten Pesantrenan lan jejuluk adipati Jayakusuma. Raden Jayakusuma
nduweni putra jenenge Raden Tambranegara.
Kanggo ngembangake
pembangunan lan pemerintahan, Raden Tambranegara mindahaken pusat pemerintahan
sing sakdurunge ana ing Kemiri arah ngulon ing desa Kaborongan, jeneng
Pesantenan uga diganti dadi Kadipaten Pati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar