“Mas, sampeyan bakul angkringan, griyane gedhe ngoten, sampeyan
gadhah perusahaan napa, Mas?”
Paimin kaget disapa ngono karo pawongan sing jajan nang
angkringane. Paimin eling tenan pawongan iki durung suwe pendhak wengi jajan
nang angkringane. Paimin kelingan wae, wong lungguhe ya nang kursi angkringane.
Ora lesehan kaya liya-liyane. Paimin kelingan, wong jajane ya ora akeh. Paling
sega wungkus thok. Menawa ora loro ya telu. Sajake wong proyek sing lagi ora
duwe dhuwit.
“Wah, sampeyan niku, Mas, bakul angkringan kaya aku, ngedi ana
dhuwe omah samono gedhene. Apik sisan.”
“Lha sampeyan rak nggih omah ten mriku. Wong niku, anake sampeyan
olehe njupuki piring nggih mlebu omah niku kok. Napa niku nggih omahe wong
liya, sampeyan nggih blunas blunus kaya neng omahe dhewe ngoten kok.”
“Ora mas, kuwi dudu omahku, aku mung kon nunggu.”
“Nunggu, tukang kebon maksude. Kok oleh bebakulan. Mengko menawa
lagi dibutuhake terus lagi bakulan, banjur priye,” pitakone pawongan kuwi mau,
sajak bingung.
Paimin sing dasare seneng ngomong, langsung wae crita.
“Kuwi dudu omahku kok mas, aku mung turu nang kono, kabeh
keluargaku oleh mapan nang kono. Kuwi ya ana sejarahe mas, kok aku nganti bisa
mapan nang kono kuwi,” omongane Paimin mbagusi.
Paimin ndisik pancen ora mapan nang ngomah kono. Sepisanan bakul
angkringan ora nang kono. Dheweke ndisik mapan nang pinggir ndalan. Cedhak
Universitas Negri. Nyadong rejeki saka mahasiswa apa tukang parkir sing seneng
jajan nang angkringan. Janjane sing seneng jajan ora mung mahasiswa. Kabeh-kabeh
pawongan sing neng Universitas Negri kuwi mau, mbuh dosen, mbuh karyawan, ana
wae sing seneng pesen wedhang saka angkringane menawa lagi lembur. Awan-awan
wae kadhangan ya pesen. Malah kadhang njaluk tambah tahu, apa tempe dinggo
kanca wedhangan.
Pak Pembantu Dekan wae, seneng njagong nang angkringane, ngajaki
cerita neka-neka. Paimin ya kenal. Omahe ngendi, sambine apa wae, Paimin
dicritani karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Kadang menawa ana mahasiswane sing
arep ketemu, pingin bimbingan apa ngaturake tugase, karo Pembantu Dekan kuwi
diajak ketemu nang angkringane Paimin. Menawa sing diajaki ketemonan kancane
Pak Pembantu Dekan sing bareng-bareng anggone golek kerja samben, terus
dum-duman hasile, Paimin uga mesti ketemplokan rejeki. Ana wae sing dibayari
mangan lan ngombene karo Pak Pembantu Dekan kuwi mau. Sanajan sambene kuwi mung
nulis, embuh nulis apa Paimin ora ngerti, nanging jare dhuwite keno dienggo
seneng-seneng. Kena dienggo mbayari kanca-kanca apa mahisiswane sing lagi ora
dhuwe dhuwit.
Paimin seneng bakulan nang kono, seneng sing tuku wong
pinter-pinter. Arepo ora saben-saben jajan ngajaki Paimin cerita, nanging
Paimin bisa ngrungokake. Sinambi ngladeni sinambi ngrugokake. Paimin nyinau apa
wae sing diomongake karo sing padha jajan kuwi mau. Sanajan ora kabeh omongan
bisa dipahami Paimin, nanging Paimin krasa menawa kawruhe sansaya tambah.
Setengah tahun Paimin dodolan nang papan kono. Tepung karo
karyawan Universitas Negri, tepung karo mahasiswa, lan tepung karo Pak Pembantu
Dekan sing seneng karo cakar pithik, aneh miturute Paimin, bisa tuku sing luwih
ndaging kok sing disenengi cakar pithik. Paimin menawa ditari milih, rak ya
milih dada apa pupu, sing luwih ndaging. Kabeh mau srawunge apik. Malah karo
sing ora dhuwe dhuwit tenan Paimin olah oleh wae diutangi. Wong urip kuwi
wajibe tetulungan. Lagi ana sing butuh pitulungan, Paimin bisa nulung, ya
Paimin nulung. Sapa ngerti Paimin mengko sing genten butuh pitulungan.
Sawise kira-kira setengah tahun kuwi mau, Pak Pembantu Dekan
njagong nang angkringane banjur menehi kabar. “Kang, sedhelo maneh kowe ora
oleh dodolan nang kene.”
Paimin kaget. Dheweke uwis seneng bakulan nang kono. Badhi ora
akeh-akeh banget nanging Paimin wis rumangsa seneng. Dadi menawa kudu pindah,
Paimin rumangsa gela. Paimin langsung mikir, mesti kedadeane ora beda karo
kanca-kanca sing dodolan nang pinggir-pinggir dalan liyane. Padha ora oleh
bebakulan maneh nang pinggir dalan.
“Jlentrehe pripun tho, Pak, niku, kok kula mboten angsal malih
bakulan wonten mriki?” pitakone Paimin njaluk katrangan.
“Jare ya kuwi kang, bakul-bakul ngene iki ngganggu wong mlaku, tur
ora rapi.”
Paimin meneng wae. Sanajan gela, nanging dheweke rumangsa, papan
kene dudu dhuweke. Menawa dheweke dikon lungo seka papan kono, mesti ora bisa
nyengkelak. Kudu manute. Kudu lungane. Sanajan kawit bebakulan dheweke mapan
nang kono, dijaluki dhuwit jare dinggo pajek, dheweke ya menehi, ngono kuwi mau
merga dheweke rumansa nunut. Sewu apa rongewu kuwi disadari, merga papan kono
dudu dhuweke. Papan kono mau dhuweke negara. Arepo jare dheweke sing nduweni
negara kae, ngono miturure mahasiswa sing padha rembugan nang angkringan kono,
nanginging Paimin ora rumangsa nduweki negara. Adoh banget kuwi seka
pamikirane.
“Gek kula pripun niki mangkih nggih, Pak?” Paimin takon sinambi
Nggresula.
“Kowe ora usah susah kang. Mengko paling kon lungo rong sasi
maneh. Mengko kowe tak golekke panggon. Aku seneng karo cakarmu iki. Mengko tak
golek papan sing aku gampang nggoleki angkringanmu iki. Mengko menawa kowe
golek dhewe, aku ora bisa nemokake kowe.”
Paimin bungah. Ora usah susah-susah golek panggon dienggo dodolan.
Pak Pembantu Dekan saguh arep nggolekke papan kanggo dodolan. Tur dheweke
seneng isih bisa ketemu karo Pak Pembantu Dekan sing apikan kuwi mau. Mesti pak
Pembantu Dekan kuwi mau bakal njagong maneh nang angkringane, merga dheweke
pancen seneng tenan karo cakare Paimin. Cakar pithik sing didol Paimin nang
angkringane.
“Wis rong minggu, Pak Pembantu Dekan durung menehi kabar. Dheweke
njagong nang angkringan nanging meneng wae ora ngrembuk bab panggon dodolan.
Apa maneh dheweke katon srius rembugan karo kancane. Paimin ora wani ngganggu.
Rong minggu sabanjure malah ora tau ngetok. Paimin krungu kabar menawa Pak
Pembantu Dekan tindhak menyang luwar kutha. Kurang seminggu wektune Paimin kudu
lunga seka papan kono, Pak Pembantu Dekan lagi ngetok. Ngguya ngguyu sajak ora
rumangsa Paimin nunggu-nunggu.
“Wis oleh papan aku, Kang. Nanging nganu ya, kowe karo nunggu
omahe mbakyuku. Dheweke arep sekolah nang luwar negeri, kabeh keluargane
diajak. Omahe suwung. Dadi omah kuwi karo tunggunen. Mengko olehmu bakulan nang
sanding omahe kana. Urung ana bakul nang kana, mengko rak suwe-suwe rame.
Mengko tak jalukake tulung kancaku men olehmu bakulan kuwi rame.”
Paimin bungah banget. Ora mung oleh papan dienggo dodolan. Nanging
uga malah oleh omah. “Nggih, pak, maturnuwun. Maturnuwun sanget. ”Pak Pembantu
Dekan mung mesam-mesem ngerti Paimin sing ujug-ujug sajak prakewuh.
Dina Setu wayahe Paimin Senen wis ora oleh dodolan maneh nang
papan kono, Paimin dhuwe janji karo Pak Pembantu Dekan, arep niliki omah lan
papan anyar sing arep dienggo dodolan. Sisan kabeh barang-barange digawa
menyang papan anyar kuwi mau. Nanging, amarga Paimin kudu nyurung gerobake,
Paimin ora bisa bareng numpak mobil. Dheweke mlaku. Mung diancer-anceri papan
sing arep dituju.
Tekan panggon, Paimin gumun. Omahe gedhe tur apik banget. Latare
jembar.
“Iki omahe kang, mengko kowe olehmu dodolan nang ndalan pojok omah
kono. Omah iki tunggunen, resikana sabendina. Anggep kaya-kaya omahmu dhewe,
sesuk menawa sing dhuwe omah kuwi mulih, men omahe ora ketok nyanyring.”
Paimin semaguh. Sapa ora bungah ketiban rejeki kaya ngono. Dheweke
rumangsa beja, langsung oleh pitulungan ngono. Ora ndadak susah golek papan.
Menawa ora nemu-nemu bisa uga Paimin bali ndisik menyang Klaten. Leren olehe
bebakulan. Sesuk menawa wis ana greget maneh lagi wiwit maneh anggone
bebakulan.
“Ngono kuwi critane Mas. Dadi kuwi pancen dudu omahku. Aku mung
dikon nunggu, soale sing nduwe lagi nang luwar negeri. Jare rong tahun anggone
sekolah. Mengko menawa arep neruske sekolahe berarti luwih suwe maneh. Wis
nggono, bareng aku bebojoan, jare Pak Pembantu Dekan, bojoku ya oleh mapan
kene. Sawise rong tahun jebul ora mulih-mulih. Malah jare arep saklawase omah
nang kono, marga wis oleh panguripan nang kono. Tekan saiki aku ya mapan nang
kene” tembunge Paimin ngrampungi anggone cerita babagan omah sing saiki dinggo
manggon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar