Ana ing jaman kerajaan Hindu-Budha
wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso,
panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden
Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti
mandraguna.
Kajaba Pengging, ana kerajan sing
liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan
satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget
kanthi jeneng Lorojonggrang.
Ana ing sawijining dina Prabu Boko
nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang kerajan Pengging.
Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerng kerajan Pengging. Peerangan gedhe
banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan
Pengging ugo kerajaan Boko. Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo
dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu
Boko. Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko
banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.
Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala
dawuh marang pasukane kanggo mundur saka kerajaan Pengging mlayu menyang kraton
Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka kerajaan Boko
mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko.
Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrong lan
ngandhani menawi Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora
suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi
nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko
yaiku Roro Jonggrang. Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso
langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro
Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing
wis mateni bapake.
Kanggo nolak lamaran Raden Bandung
Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen
ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan:
“Yen sampean pengen ngrabeni aku,
Samoean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.”
Panjaluk Roro Jonggrang pancen
mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro
Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi
jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut
kanggo mbangun candi kasebut.
Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa
nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu
pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka.
Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi
pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep, Raden
Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.
Raden bandung Bondowoso nesu, murka
amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro
Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis
njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing
kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi
kesebut.
Saking : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-rayat-roro-jonggrang-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar