Ing
jaman riyen wonten tlatah Jawa Timur gesang Raja lan Permaisuri ingkang
sami-sami tresna. Kados pundikemawon permaisuri menika ugi anggadahi paras
engkang ayu lan gemati dening keluargi. Gejaba menika piyambake ugi setiya
sanget dening garwanipun.
Wonten
sawijining dinten, Raja nduwe pangangkah kesah datheng ngalas konjuk
berburu menjangan utawi sangsam. Raja banjur bidhal kanti rencangi para
pengawale.
Saksampune
dangu wonten ngalas, Raja banjur kondur datheng kraton. Permaisuri bungah
sanget nalika ningali Raja kondur.
Permaisuri
caos pirsa dateng Raja menawi sakjroning Raja kesah wonten tami saking keraton
sanes. Nanging nalikaning Raja badhe memoni tamu punika, dumadakan Raja
mireng menawi tamu kesebat akrab sanget dening Permaisuri. Kedadean
menika anggawe Raja duka uga cemburu lan nuduh Permaisuri sampun
selingkuh kaliyan tamu punika. Permaisuri mitadosaken Raja menawi punika
mboten leres.
Nanging
Raja tetap mboten percaya marang Permaisuri. Sinambi nangis banjir eluh
Permaisuri criyos: “Rama, kula kersa mbuktikaken menawi kula mboten salah, Kula
badhe nyemplung wonten kali wingking keraton, menawi mangke toya kali punika
mambu busuk, nandake tuduhan Rama dateng kula menika leres. Nanging, menawi
toya kali punika wangi, nandake tuduhan dening kula mboten leres, “wilujeng
tilar Rama”. Sakwise kedadean kesebat, kali panggen tilaripun Permaisuri punika
dipunsukani nami “BANYUWANGI”.
Saking : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-legenda-bahasa-jawa-banyuwangi.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar