Sawijining dina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih
mulus wulune mlaku-mlaku ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi
nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus
golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing
mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut
empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"He Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan
kulitmu kandel ora tipis kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok
rupane. Nanging dheweke meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone
Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning
tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa
tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa
isa mlaku ning tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget,
dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu
tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang
sliramu"
Anak Thekek ora isa ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke
mbukak cangkeme arep nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana
Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga
ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan...:D
Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening liyan...:D
Tidak ada komentar:
Posting Komentar