Senin, 02 Maret 2015

Cerkak Basa Jawa: Ora Bersyukur



      Jenengku Nur Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun, kelas XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.


     Nalika aku SMP aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake duwe kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat olahraga apa wae.


     Aku uga meri marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing utawa Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu guruku sing kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake Komputer-komputer sing ana ing Laboratorium Komputer ing 


sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend  ing kelasku, HP uga ngetrend pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi utawa touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane mulai 1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena disambungake marang internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan lan bisa sekolah wae wis luwih teka cukup.


     Aku iya sempet ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi sing apik-apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak Indah.


    Aku mulai sadar yen aku duwe kalebihan  wektu sewiji dina aku mulih sekolah.Aku mlayu menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas kosong.Aku eling yen wektu aku ndelok internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy lan duwit  Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar