Rabu, 04 Maret 2015

Cerkak Basa Jawa: Wurung Romantis


Sawijining dina, bubaran sekolah…
“Pras, delokna kae sapa sing mlaku dhewean ning ngarepan kae?” Pandu bisik-bisik karo nyikut lengene Pras
“Ehem,ayo pras, gek ndang dikancani, mesakna Endah soale kan si Putri dina iki gak mlebu sekolah, dadi ora ono barengane” Yudhi nambah
“Wah, nganu aku isin lha mbiyen kae genah….”
Durung rampung olehe nggawe alesan, Pandu wis mbengok sinambi mlaku njejeri Endah
“En, ki lho Pras arep bareng, jarene sih arep sisan rembugan bab persiapan lomba nembang macapat minggu ngarep”
Pras wis ora iso sélak maneh amarga diskak mat bala-balané.
***
Pras lan endah wusanané mulih bareng, kekaroné sajak gayeng crita rupa-rupa, padahal ning njero atine Pras kaya gong ditabuhi, deg-deg an amarga bareng Kenya sing disenengi.
“Eh Pras, iku opo yo sing ning ngisor wit talok?” pitakone endah marai Pras sing setengah ngalamun dadi njomblak kaget
“oo..iku lak blengur to En, anake banyak mosok kowe durung tau ngerti?” jawabe Pras
“wah, lucu yo Pras wulune kuning enom sajak nggemeske “
Pras sing ngerti yen Endah kesengsem marang salah sijiné sato iwén iku ora arep nggawe kuciwa
“Enteni kéné yo En, tak jupukna blenguré ben iso mbok cekel” Pras ngomong karo mlompati kalén cilik
“Tapi Pras, ngko nek Mboké nesu lho” Endah ngelikna
“Ora, tenang wae kan ming disilih sedhela anaké ora diculik koq” Pras ngeyem-eyemi
“Oke deh nek ngono” jawabe endah karo ora lali mésem lan marai Pras tambah semangat
***
lagi konsentrasi nguber blengur, Pras dadi léna lan …
“Huadhuhhhhhhhhhhhhhh….ibuuuuuuuuu!!!!!!” saknalika Pras mbengok sora lan mloncat saka sebrang kalén sinambi nyekeli sikile sing katon abang biru amarga disosor mboké blengur sing ngamuk anake diganggu.
Saking larane, Pras nganti lali yen ono barengane, lan langsung mlayu sipat kuping bali ning omah ninggalke Endah sing mlenggong karo ngempet ngguyu
“….demi cintaku padamu
disosor angsa ku pun mau..
walaupun harus berkorban sakit dan maluuuu…”




Tidak ada komentar:

Posting Komentar