Jam
sanga kurang seprapat, Arul wis cepak-cepak arep mangkat. Klambi kothak-kothak
lengen dawa, clana jeans kluwus ning resik, lan sepatu loakan merk Nike olehe
tuku ing pasar Beringharjo, kabeh wis dienggo. Senajan mung arep ngamen, ora
ana eleke yen nyandhang pantes. Idhep-idhep kanggo ngajeni wong sing dingameni,
mengkono panglocitane batine. Rampung dandan, Arul njupuk gitar sing gumlethak
ing peturon, banjur jumahgkah metu saka omah.
Angin wengi semilir, nggawa ganda
amrik kembang sedhep malem. Mbulan satampah lan lintang-lintang abyor madhangi
langit. Nanging Arul babar pisan ora nggagas kabeh mau. Lakune tumungkul,
mecaki trotoar dawa sing wis rong taun iki ajeg diliwati, pendhak wengi lan
parak esuk, nalika dheweke mangkat lan mulih ngamen.
Tekan palang sepur wetan Pasar
Kembang, Arul menggok menyang sawenehe warung Hik pinggir dalan. Lagi wae
manyuk lawangan, dheweke weruh Herman, kancane ngamen lagi lungguh jegang ing
bangku pojok karo ngadhep kopi. Arul mara nyedhaki.
"Dak kira nek cuti,"
cluluke Herman, sing blasteran Jawa-Ambon iku.
"Padhakna pegawe wae ... Cuti
ya sesuk ora sarapan," Arul lungguh karo nyaut sega kucing rong wungkus.
Herman mung nggleges. Dheweke menyat saka anggone lungguh, banjur nginguk
menjaba. Ing ngarep pertokoan kang tutup jam sanga mau, warung-warung lesehan
wis akeh sing digelar. Mobil lan motor tharik-tharik ngebaki parkiran.
Malioboro pancen ora tau turu. Rina-wengi tansah dadi papan jujugane uwong.
Saweneh ana sing dodolan, golek rejeki, saweneh maneh ana sing jajan lan
ngenggar-enggar ati.
Setengah jam candhake, Arul lan
Herman wis katon jengkeng sinambi genjrang-genjreng, adol swara sake warung
lesehan sing siji, menyang warung lesehan liyane. Anggone nyanyi gentenan,
gumantung karo karakter lagune. Yen lagune mbutuhake vokal Tenor, Arul sing
nyanyi. Dene yen lagune mbutuhake vokal Bariton, Herman sing nyanyi. Wong loro
wis apal karo bageyane dhewe-dhewe, awit gaweyan iku pancen wis rada suwe dilakoni
bareng. Satemene asile mono lumayan. Yen mung saderma kanggo mangan wae turah.
Awit racake wong sing padha jajan, ora ana sing menehi kurang saka limang atus
rupiyah. Malah umume sewu munggah. Ora maido, wong niyat jajan mono mesthine
saka ngomah ya wis sangu dhuwit kepara turah. Nanging senajan mengkono, kerep
ana perang campuh ing atine Arul. Gengsine minangka sarjana S1 sok-sok ora bisa
narimakake, yen kanggo golek dhuwit sewu-rong ewu wae, dadak dilabuhi nyanyi
karo jengkeng utawa timpuh ing ngarepe wong-wong kang lagi mangan. Saka
rumangsane, ajining dhirine dadi ilang babar pisan. Kaya kere sing nyadhong
kawelasan. Nanging arep kepiye maneh?! Urip iki angel. Lan weteng sing mlilit
ora bisa wareg yen saderma dipakani gengsi.
"Ya ditrimak-trimakna wae
dhisik, Rul. Pancen rodha nasibe awake dhewe iki saiki lagi neng ngisor. Mengko
rak ya tiba titi mangsane rodhane mubeng mendhuwur," pratelane Herman,
nalika sawijining wengi Arul ngetokne uneg-unege.
"Bener kandhamu, Her. Rodhane
lagi neng ngisor, tur mlindhes telek lencung sisan. Dadine ambune ya
blarengan," Arul sing lagi sumpeg atihe, nyaut waton muni. Herman nyekakak
saambane lambene, nganti watuk-watuk. Pancen wonq loro iku anggone memitran
rakete ngungkuli sedulur. Yen sing siji atine lagi susah, mesthi liyane nyoba
nglelipur. Mbokmenawa merga rumangsa senasib. Padha-padha lulusan S-1, ning
kepeksa mung padha dadi panji klanthung.
Jam setengah siji, kaya adat sabene,
wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg, poncot kidul Malioboro, sinambi
ngetung pengasilane
.
"Wah, lumayan. Entuk nemlikur
ewu wolung atus," cluluke Herman sing dadi Bendahara. Dhuwit banjur dibagi
loro, sing kumel-kumel diwenehake Arul, dene sing rada anyar disaki dhewe. Arul
mung meneng wae, wis apal karo kelakuwanekancane sitok iku.
"Malioboro pancen lahan subur.
Ning yakuwi, ndadak ndlosor kaya ula, Arul ngomong lirih karo ngempakne rokok.
"Oalah Rul, gengsimu kuwi mbok
wis ora usah diingu. Wong nyatane ijazahmu ya ora bisa nggolek pangan wae,
kok."
"Ngonoa apa ya sajege awake
dhewe arep dadi kaya ngene?" Arul nyedhot rokoke jero. "Apa wong
tuwamu neng Ambon ya wis marem, yen ngerti kowe sing dikuliahake adoh-adoh,
jebul mung dadi tukang mbarang?"
"Lha witikna arep kepiye maneh?
Wong awake dhewe olehe usaha ya wis ora kurang-kurang. Mlebu plataran kantor
disingkang-singkang Satpam, ya wis dilakoni. Nyatane nganti seprene ya tetep
durung ana asile ..." Herman unjal ambagan abot, kelingan marang nasibe
dhewe.
Rada suwe wong loro banjur mung
padha meneng-menengan, kentir marang gagasane dhewe-dhewe. Lampu-lampu merkuri
kang jejer-jejer ing sadawaning Malioboro katon putih kencar-kencar. Bening
kaya kristal. Sauntara kuwi, senajan wis lingsir wengi, nanging kendharaan
panggah liwat pating sliri. Embuh apa sing digoleki ...
"Mulih saiki, apa operasi
maneh, Her ...?" Arul ngguwang tegesane sing meh nylomot driji. Herman
nyawang mengalor, penere lesehan.
"Isih akeh sing dha jajan, ki?
Apa ora eman-eman? Ora ilok lho, nolak rejeki."
"Ya ayo ...!" Arul menyat
karo nyangking gitare. Herman ngetutake ing mburine. Yen mau anggone ngamen
saka lor mengidul, ing warung-warung lesehan sing manggon ing iring wetane
dalan Malioboro. Saiki ganti saka kidul mengalor, ing warung lesehan sing manggon
ing iring kulon. Wong loro nlusur wiwit saka lesehan cedhake Gedhung Agung
mengalor. Saka bakul gudheg, ayam goreng, tekan Sea Food, ora ana sing
kliwatan. Bareng anggone mlaku tekan kidule toko Dynasti, dumadakan Herman
ngruwes bokonge Arul seru, nganti bocahe njomblak karo misuh-misuh.
"Wedhus ...! Homosex-mu kumat
ya, Her ...!"
"Ssstt ... Lor-kulon arah jam
sepuluh..:" Herman ngomong lirih ing sandhing kupinge Arul. Arul nglirik
papan sing dibisikake Herman. Ana bocah wadon loro lagi lungguh ing lesehan,
sinambi ngadhep roti bakar lan susu segar. Tanpa sraba-sraba, Herman langsung
menggok. Arul kepeksa melu nginthil ing mburine, senajan rada anyel. Soale iki
mau wong loro wis rencana arep mulih. Kejaba drijine keju, mripate uga wis
mbliyut, kegawa awake kang sayah. Herman kuwi wiwit biyen watake ora malih.
Saben weruh prawan, mripate ijo. Kamangka pacare sing fotone tansah
dislempitake ing dhompet iku ya ayu ... Arul grenengan dhewe ing batin.
Nalika Arul lagi wae siap-siap arep
nyanyi, dumadakan gitare direbut cewek sing lungguhe ngungkuri dalan. Saking
kagete, Arul mung mlongo.
"Mbak, roti bakar kalih susu
segar, kalih malih ...! tanpa maelu Arul sing plenggang-plenggong, bocah wadon
iku aba marang bakule.
"Arum ...?!" Arul ngulati
karo njengkerutake alis. Rada tidha-tidha, sumelang yen kleru. Sing diceluk
jenenge mung mesem karo mbalang liring.Ana kangen sumembul saka pletik-pletik
sorot mripate.
"Ya ampun, Arum ...! Lha kok
tengah, wengi kluyuran neng kene?! Jarene awakmu kerja neng Batam?! Arul
nyalami cewek lencir mripate bening iku, sing banjur nimbangi kanthi nggegem
kenceng tangane Arul.
"Kluyuran ...! Padhakna
pe-es-ka wae ...!" Arum mecucu. Kancane sing nganggo sleyer abang
nyekikik.
"Iki lho, kancaku pengin weruh
sing jeneng Malioboro. Mula mumpung ana prei, banjur dakjak mrene sisan.
Idhep-idhep karo bernostalgia," Arum mesam-mesem. mesem. "Lha awakmu
dhewe piye, Rul? Kok nganti rong taun punjul, blas ora ana kabare?" bacute
karo mandeng manther praupane Arul.
"Dawa critane, Rum. Tur mboseni.
O, iya ... Kenalke, iki kancaku..."
"Aku wis ngerti, kok,"
Arum munggel cepet."Iki rak Herman, ta? Play Boy-ne Fakultas Hukum sing
biyen pas dhemo sirahe bocor dipopor tentara kae ta?"
Herman mringis karo nggrayahi tilas
jahitan sepuluh senti ing sirahe. Kenang-kenangan nalika kerusuhah Mei 1998
kepungkur. Arum banjur ngenalake kancane, marang Arul lan Herman.
Ooo ... Dadi iki Mas Arul sing kerep
mbokcritakne kae? Sing jaremu "cool" tur "smart" ..."
ujug-ujug si sleyer abang sing jenenge Ayu iku cluluk.
"Ngawur ...! Kapan olehku
crita?! Senengane ngarang ... !" Arum klejingan. Tangane kemawe, njiwit
bangkekane kancane. Ayu jelih-jelih karo ngguyu kemekelen.
Arum iku satemene kancasaangkatane
Arul, jaman isih kuliah biyen. Malah kanca raket banget, awit kekarone padha
dene aktif ing Senat Mahasiswa. Kerep diskusi, debat lan,nindakake tugas kampus
bareng. Mula ora jeneng aneh yen merga saka kerepe ketemu lan.srawung,
suwe-suwe banjur nukulake wiji-wiji tresna ing atine bocah sakarone. Mung
emane, Arul sing minder merga kahanane sing kesrakat, ora wani mblakakake
pangrasane marang Arum. Sumelang yen dikira ora ngilo githok. Sauntara Arum
dhewe sing tinitah wadon, mung bisa ngenteni, ora wani ndhisiki. Kahanan
mengkono iku lumaku terus, nganti bocah sakarone lulus. Nalika teka titi
wancine wisudha, banjur padha janji bakal tetep terus sesambungan lan
kabar-kinabaran. Nanging sajake pancen dudu jodhone. Anggone layang-layangan
mung lumaku watara telung sasinan. Bubar iku banjur padha repot karo urusane
dhewe-dhewe. Arum repot karo urusane minangka pegawe anyar, dene Arul repot
anggone mider-mider golek gaweyan. Wusanane terus plas, kaya kepaten obor. Siji
lan sijine padha dene ora ngerti kabare.
"Dadi nganti seprene awakmu
isih nganggur, Rul ...?" Arum takon ngati-ati sawise Arul mungkasi
critane. Sumelang yen nganti nggepok pangrasane.
"He'eh. Mula kanggo nyambung
urip, ya kepeksa pendhak wengi dadi kalong neng Malioboro,"Arul mesem,
ndhelikake atine kang getir. Arum trenyuh banget. Mripate nganti kaca-kaca. Babar
pisan dheweke ora ngira, yen priya sing meneng-meneng wiwit biyen tansah
dikagumi, merga kapribadene kang apik, beda karo kanca-kancane lanang liyane
iku, jebul nasibe ala banget. Pantesa mono dheweke kepengin ngrangkul priya ing
ngarepe iku, banjur nglelipur lan nggedhekake atine. Nanging biyen wae ora
kelakon, apa maneh saiki sawise adoh?
"Sabar, Rul ... Aku ngerti
banget yen awakmu iku pinter, tur tipikal pekerja keras. Mbokmenawa mung durung
ketemu dalane wae..." Arum nggegem tangane Arul kebak empat. Sauntara
Herman lan Ayu lagi ketungkul kojah ngethuprus, sajak gayeng banget.
Sedhela-sedhela . padha ngguyu cekikikan. Embuh padha ngrembug apa.
Wengine mrambat sangsaya tuwa. Angin
kang midid wiwit krasa adhem ing kulit. Arul unjal ambegan landhung. Lungguh
adhep-adhepan sinambi omong-omongan karo Arum ngene iki, marakake dheweke
kelingan jaman isih kuliah biyen. Kelingan marang wektu-wektu kepungkur kang
endah lan kebak semangat urip, amarga rumangsa dibutuhake dening liyan.
Rumangsa yen uripe ana gunane. Ora kaya saiki, mung kaya uwuh kang ora kanggo.
Nyepet-nyepeti mripate sinq nyawang. Arul nggresah sajroning ati, "Menyang
endi lungane wektu-wektu kang manis iku ...???!!!".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar