Alhamdulillah yen
diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe
omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora
wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku sehat.
Aku menyang sekolah kaya biasane, aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP
Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis
muni, iku tandane pelajaran wis arep dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran
iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso anggone jam pelajaran kepisan tekan
pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki wektune istirahat. Aku lan
konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas, ngrembug pelajaran karo
mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita pengalamane dhewe-dhewe aku
nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI KUCING” saka judule
wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu tha? Genea ngopo kog
diadusi?
Ceritane ngene ana
bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing
salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?”
bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas
RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren
arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne,
“ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang
dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.”
Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe
kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep
pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”,
gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?”
“cukup pak”.
Sakwise ngedusi
kucing Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo
ngampet ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi
banyu, lha nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati
mboten amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone
bapakne marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho
ngguyu ger-geran nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe
kancaku ngguyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar