Ing jaman saiki
akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang
ngumur sewelas tahun utawa
kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane Aji
yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor
iku tiyang kang uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro
ing ngomahe.
“Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok
ing ngarep omahe Aji.
“ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero
ngomah.
Let sadela suara pating gedebuk kaya
ana lindu dirasake Fatih .
“Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi
ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae mlayu marani
Fatih.
“He..he..he..he lagi wae madang,
alhamdullilah wareg!!”
“Wuuuuu…..awak wae sing digedeke,
pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
“ Kadingaren dolan sore-sore, ana
apa?” pitakone Aji.
“Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor.
engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-cengir.
“Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas
bro.”
“Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau
juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane ro ciduk???”
“Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati
karo nguyu cekikikan.
Sak banjure Aji mlebu ing garasi
ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor jet collede Aji lan
Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
“Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos
siap arep balapan.
“ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
“Siji…loro…telu…”
Treng …..treng….teng….teng…..aji lan
fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada
selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
Ana ing pertelon aji lali ora
ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget
banget,dheweke bingung lan gugup.
“Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng ,
tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane
Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
“kepriye tha le…? Nek numpak motor aja
banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek ngeneki?”pituture bakul
some.
“ Kula nyuwum pangapunten pak, sak
estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora payu,amerga
someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
“Injih pak, kula tetep tanggung jawab.
Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe
ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak sewau. Sakwise
kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar