Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa,
Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya
puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun
pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar
kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok
lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun
kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu.
Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili
peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau
dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso
kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun.
Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang
dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki
Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata
ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang
badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang
bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau
tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga
menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa
dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa
menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking
katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap
selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah
rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang
nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep
lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi
Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing
dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika
kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat
kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun
manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni
Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari
Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi
lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga
kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga
wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi
boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya,
pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah,
lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu
dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar
dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing
sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi
boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar
Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika
dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging
kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep
putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku
tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpadipunmangertosi
Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing
lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah
lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing
nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi
priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat
menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung
sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan
pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka
ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang
mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan
ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa
supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika
kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging
warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah
satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun
mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau
badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma
Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha
bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau
nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah
dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana.
Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten
swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu
saprelunipun
Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga
lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin.
Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping
pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking
siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.
Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan
malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi
dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga
ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat
Rawa Pening.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar