Ana
sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi
anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah
Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri
ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu.
Singkat
cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah
wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu (wanita
yang cantik jelita).
Sawise
Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang
sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada
kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada
rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.
Putri
Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi kanthi
wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para
selir ugo Prabu Siliwangi akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka
keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune
dadi nyebar lan nular ana ing tlatah keraton.
(Dalam
kisah cerita rakyat Nyi Roro Kidul
dalam bahasa jawa akhirnya Lara Kadita meninggalkan kerajaan
Pajajaran)
Ana
ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas.
Diceritakake permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara
Kadita nglanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing
pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing
gunung pinggiran segoro.
Wektu
tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi
pitutur supaya putri ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo
njaluk marasake awake saka penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo
nduweni kekuatan ampuh kanggo males wong kang anggawa uripe dheweke sengsara
kaya mengkono.
Nalika
tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro
kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi
dadi kasunyatan. Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga
diwenehi kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana
Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka Nyi Roro Kidul dumugi nganti
tumeka saiki.
Di
atas merupakan salah satu contoh legenda, dongeng, ataupun cerita cekak dengan
tema cerita rakyat
Nyi Roro Kidul Dalam bahasa jawa. Semoga cerita cerkak di
atas bermanfaat buat sedulur semua baik dalam belajar maupun sekedar sebagai
pengetahuan umum tentang dongeng, sange, legenda, cerkak dalam bahasa jawa.
Terimakasih dan jangan lupa komentarnya.
Saking : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-rayat-roro-jonggrang-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar