Ing
tlatah Sumatera dhisik tau ana kerajan Pamuncak Tiga Kaum. Kerajaan kesebut
dipimpin dening telung sedulur, sing nduwe jeneng Pamuncak Pamuncak Koto Tapus,
Rencong Talang, lan Pamuncak Tanjung Seri.
Sawijining
dina, kerajan sing ana ing ngisor pemimpin Pamuncak Rencong Talang nduweni
hasil panen kang akeh. Amarga kuwi ugo bakal dianakne pesta panen kanggo rasa
syukur. Pesta panen iki digelar kathi ngundang kerabat mawa keluarga wae. Klebu
keluarga Pamuncak Tanjung Seri sing ora bisa teka lan diwakili garwane lan anak
prawane.
Ana
ing dina kang dianti-anti dumugi, garwane Pamuncak Tanjung Seri lan anak
prawane teka menyang kerajan Pamuncak Rencong Talang kanggo melu ngramekake
pesta panen. Anak prawan Pamuncak Tanjung Seri dadi primadona lan akeh
“ditaksir” para pemuda ing tlatah kerajaan Pamuncak Rencong Talang.
Ora
krasa wayah wis dumugi esuk. Garwane Pamuncak Tanjung Seri banjur ngajak anake
mulih. Nanging, anake isih pengen ana ing kana, amarga kuwi dheweke budhal
menyang muleh piyambakan. Wektu kuwi ana sawong pemuda pitakon marang si prawan,
sapa sing ngajak awakmu mulih kae mau?. “baturku” jawab e asal. Si embok jebul
mireng napa pangandikan kesebut. Banjur piyambake lara ati nganti pada
mulih.
Cerita
rakyat kedadeane negeri lempur menggunakan bahasa jawa sederhana. Ganti dina,
garwane Pamuncak Tanjung Seri sing kesel karo tingkah anake celethu. “Duh
Gusti, lara atiku ditembungi anakku dhewe batur.” Saka dongane kuwi diucapake
muga-muga anake diwenehi hukuman klelep ana rawa.
Ana
ing dina sakwise kedadean kui ndelalahi anak lan simboke iku mau menyang Pulau
Sangkar lan Lolo sing terkenal akeh rawa lan lumpur urip ing wilayahe.
Pungkasane Tuhan ngabulna donga garwane Pamuncak Tanjung Seri.
Embuh
kepiye ceritane anak saka Pamuncak Tanjung Seri iku kepleset nganthi dheweke
gejegur ana ing rawa kanthi lumpur urip. Dheweke nyoba mancal-mancal sakuwat
tenaga ning justru ndadekake awake soyo cepet ndlesep ing njero rawa.
“simbokkkk tulungi aku, simbokkkk,” bengok anake prawan sing wis nglarani atine
simboke kuwi.
“Aku
dudu embokmu. aku baturmu,” jawab simboke, karo njupuk gelang lan selendang
jambi saka anake nuli mungkur lan ninggalke anake ngono wae.
Kawit
kedaden kesebut, daerah rawa lumpur kuwi dijenengi Lempur, sing asale saka
tembung “lumpur”. Sawentara, gelang sing dijupuk simboke dibuwang neng sawiji
tebat. Dadine, daerah kesebut dijenengi Tebat gelang.
Saking :
http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-rakyat-kedadeane-negeri-lempur.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar