Ing
kecamatan Muara Kaman kurang luwih 120 kilo meter saka hulu Tenggarong
ibukota Kabupaten Kutai Kartanegara Kalimantan wetan ana daerah sing dikenal
kanthi jeing Tlaga Lipan. Sanajan nduwe jeing Tlaga, daerah kesebut dudua Tlaga
kaya Tlaga Jempang lan Semayang. Daerah kuwi kawujud padang amba sing kebak
semak lan suket.
Cerita
bahasa jawa jaman dhisik kutha Muara Kaman lan sekitare ngrupakne
segaran kang jembar. Pinggir segarane pas kuwi yaiku daerah Berubus, desa Muara
Kaman pulung sing luwih dikenal kanthi jeing Benua Lawas. Ing jaman kuwi ana
siji kerajan sing pelabuhane ramai banget amarga kawasane ing pinggiran segara.
Ing
wektu kuwi ing kerajan kesebut an sawong putri sing ayu jelita ugo terkenal.
Sang putri nduwe jeing Putri Aji Bedarah putih. Piyambake diwenehi jeing
mangkana ora liya amarga yen sang putri iki nginang lan ngalon banyu sepahe
katon banyu suruh sing abang kuwi mili liwat kerongkongane. Bisa kayangapa
diayangke putihe kulit putri kui mau?
Ayu
lan keanehan Putri Aji Bedarah putih iki krungu uga ana ing raja Cina sing
banjur cepet-cepet mangkat kanthi kapal gedhe lan prajurit tekan ing segara
ngarep istana Putri Aji Bedarah putih. Raja Cina banjur cepet-cepet munggah
menyang darat kanggo nglamar Putri kui mau.
Sadurung
raja Cina ngendikakake lamarane, saka Sang Putri dhisik raja kuwi dijamu kanthi
mangan bareng. Ananging malang kanggo raja Cina kui mau, piyambake ora meruhi
menawa piyambake nembe diuji saka Putri sing ora wae ayu ananging uga pinter
lan wicaksana. Ana ing saktengahe mangan saknjero jamuan kuwi, puteri rumangsa
jijik ndeleng cara mangan saka si dhayoh. Raja Cina kuwi jebulna mangan kanthi
cara ngokop, ora nggunakne tangan anangig langsung kanthi tutuke kaya segawon.
Cerita
asal usul Tlaga Lipan menggunakan bahasa jawa. Jelas wae Putri Aji Bedarah
putih ngrasa jijik lan piyambake rumangsa tersinggung, seolah-olah raja Cina
kuwi ora ngajeni piyambake. Sawise rampung dahar lamaran raja Cina banjur
disampeke dening Putri, Sang Putri nolak lamaran raja cina kui kanthi kanthi
celathu, "Kados menapa hinane priyantun putri krama kanthi manungsa sing
cara mangane wae menyep kaya segawon."
Hinaan
sing linuwih kuwi tentu wae mbangkitke kemurkan linuwih uga saking raja Cina
kuwi. Wis lamarane ditolak mentah-mentah, hinaan uga sing ditampa. Amarga isin
banget lan nesu, ora ana dalan liya kajaba ditebus kanthi kekerasaan kanggo
nunduke Putri Aji Bedarah Putih. Piyambake banjur cepet nuju menyang perahune
kanggo bali kanthi sagenep prajurit sing kuwat kanggo ngalahake kerajan lan
nyulik Putri.
cerita
bahasa jawa Perang gedhe banjur kedadeana antarane prajurit Cina sing teka kaya
gelombang pasang saka segara mungsuh prajurit Aji Bedarah putih.
Kenyatakane
prajurit Aji Bedarah putih ora bisa naha serbuan prajurit Cina sing ngamuk.
Putri sing ndeleng peperangan sing ora seimbang kuwi rumangsa sedhih campur
marah. Piyambake wis mbayangke menawa peperangan kuwi bakal dimenangna saka
prajurit Cina.
Cerita
asal usul Tlaga Lipan menggunakan bahasa jawa. Putri banjur nginang kanthi celethu,
"yen bener aku iki titisan saka dewa kang sakti, mula dadia sepah-sepahku
iki lipan-lipan sing bisa ngalahke raja Cina serta kabeh bala tentarane."
Rampung celathu mangkana, disemburke sepah saka tutuke menyang arah peperangan
sing lagi gayeng kuwi. Kanthi sakedheping mripat, sepah suruh putri mau malik
dadi ewonan lipan sing gedhe-gedhe, nuli kanthi galake nyerang bala tentara
Cina sing lagi ngamuk.
Cerita
bahasa jawa Prajurit Cina sing perang kanthi gagah kuwi mboko siji pada
mati merga cokotan lipan. Prajurit sing ngerteni serangan lipan sing ora bisa
dicegah cepet mlayu menyang kapale. Mangkana uga sang raja, dekne kabeh nduwe
niat kanggo cepet mungkur saka Muara Kaman merga lipan-lipan sing akeh lan
galak kuwi, ananging dekne kabeh ora diwenehi kesempatan saka lipan-lipan kuwi
kanggo mungkur saka Muara Kaman. Amarga lipan-lipan kuwi wis diucap kanggo
membinasakan raja lan prajurit Cina, mula kanthi sak akeh-akehe lipan pada
nyerbu terus ana kapal Cina. Raja lan para prajurit Cina ora bisa lungo meneh
banjur pungkasane dekne kabeh mati kabeh. Kapal saka cina iku ugo angslep saka
lautan merga serangan lipan.
Sawentara
kuwi Aji Bedarah putih langsung ngilang kanthi gaib, embuh nengendi lan
barengan kui mula angker uga Sumur Air Berani, kang dadi kekuwatan sekti
kerajaan kuwi. Panggonan kapal raja Cina sing kelem lan segarane sing banjur
dadi cethek dadi daratan kanthi padang amba kuwi sing banjur diarani nganti
saprene kanthi jeneng Tlaga Lipan.
Saking : http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-asal-usul-tlaga-lipan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar