Wektu
kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing
teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat
awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang,
nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing
dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake
awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau
ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame,
bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng.
Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu
nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune
cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing
ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
”
Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa .
. saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca
sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong
tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri
mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo
nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri.
Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean
kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu,
ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi
Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake
maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca
sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan
lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing
wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat
mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku.
Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi
kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget
karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora
ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas
aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung
marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo
Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak
kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku
sing lagi sensitif dadi
mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara
patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi
goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan
ora ana kabar ngenani Adri.
Bali
sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri.
Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku
lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing
perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep
omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe
dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang.
Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis.
Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe
Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune
Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang.
Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis
pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter
utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg
sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
”
Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem
cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau
isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum
kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal
Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri.
” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha
Bu, saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora
sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu
Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa
ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa
ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung
sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka
Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi
lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
”
Sadurunge lunga, Adr pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri
pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin
pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku
mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing
kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
”
Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar