Raden Putra yaiku raja kerajan Jenggala. dheweke didampingi
permaisuri sing gemati lan selir sing ayu. Nanging, selir raja Raden Putra
nduweni sifat iri lan dengki marang permaisuri. Dheweke nyritake ala marang
permaisuri.
“sakudune, aku sing dadi permaisuri. aku kudu nggoleki cara
kanggo menyingkirkan permaisuri,” pikire.
Selir baginda, komplot karo tabib istana. dheweke
ethok-ethok lara parah. Tabib istana banjur cepet diceluk. Sang tabib ngomongke
menawa ana wong sing wis menehi racun ana jero wedang tuan putri.
“wong kuwi ora liya yaiku permaisuri Baginda dhewe,” tembung
sang tabib.
Baginda dadi nesu krungu penjelasane tabib istana. Dheweke
cepet ngongkonke patihe kanggo mbuwang permaisuri menyang alas.
Sang patih cepet nggawa permaisuri sing lagi ngandung kuwi
menyang alas. Nanging, patih sing bijak kuwi ora arep mateni koyo sing
diperintahke Raja. Rupane sang patih wis meruhi pangarah ala selir
baginda.
“Tuan putri ora usah kuwatir, kula badhe nglaporke marang
Baginda menawa tuan putri wis tak pateni,” tembung patih.
Kanggo ngelabui raja, sang patih nglumuri pedhange karo
getih kelinci sing ditangkepe. Raja nanggung puas pas sang patih lapor yen
dheweke wis mateni permaisuri.
Sakwise pirang-pirang wulan ana ing alas, laira anak sang
permaisuri. Bayi kuwi diwenehine jeneng Cindelaras. Cindelaras tuwuh dadi
sawong anak sing cerdas lan bagus. Kawit cilik dheweke wis kancan karo kewan
penghuni alas. Sawijining dina, pas lagi dolanan, ana rajawali nibakne endog.
“Hmm, rajawali kuwi becik pisan. dheweke sengaja menehake
endog kuwi marang aku.” sakwise 3 minggu, endog kuwi netes.
Cindelaras ngingu anak pitike kanthi sregep. anak pitik kuwi
tuwuh dadi jago sing apik lan kuwat. Nanging ana siji keanehan. Suara kluruk
jago kuwi apik buanget!
“Kukuruyuk… Tuanku Cindelaras, omahe neng tengah alas,
gendenge godhong kambil, bapake Raden Putra…”
Cindelaras gumun banget krungu kluruk pitike lan cepet
ndelokake nang emboke. Nuli, embok Cindelaras nyeritoke asal usul dekne nganti
ana ing alas.
Krungu cerito mbokne, Cindelaras nekat menyang istana lan
bakal menangake piala selir baginda. sakwise eneng ijin saka mbokne, Cindelaras
lunga menyang istana dikancani jagone. pas neng dalan ana wong sing pada ngadu
pitik.
Cindelaras banjur diceluk saka para penyabung pitik
iku.
“yo, yen wani, adunen jagomu karo pitikku,” tantange.
“nggeh,” jawab Cindelaras.
Pas diadu, jebulna jago Cindelaras menang kanti wayah
singkat, dheweke bisa ngalahake mungsuhe. Sakwise ping pirang-pirang aduan,
pitik Cindelaras tetep ora kalah. Pitike bener-bener ampuh tenan.
Kabar babagan kelinuwihan pitik Cindelaras kesebar cepet.
Raden Putra ugo krungu kabar kuwi. banjur, Raden Putra ngongkon abdi daleme
kanggo ngundang Cindelaras.
“Hamba sowan paduka,” tembung Cindelaras karo santun.
“anak iki bagus lan cerdas, kayane dheweke dudu turun rakyat
jelata,” pikir baginda.
Pitik Cindelaras diadu karo pitik Raden Putra kanti syarat,
yen pitik Cindelaras kalah dheweke gelem dipancung sirahe, nanging yen pitike
menang, separo kesugihan Raden Putra dadi duwek e Cindelaras.
2 pitik kuwi nandhing kanthi gagah lan wani. Nanging kanthi
wayah singkat, pitik Cindelaras kedadeyan ngalahake pitik sang raja.
Wong kang ndelok podo sorak-sorak ngalem-alem Cindelaras lan
pitike.
“aku ngaku kalah. aku arep nepati janjiku. Nanging, sapa
sabenere, awakmu iku?” takon Baginda Raden Putra.
Cindelaras cepet mbungkuk kaya ngomongi nang pitike. ora
pira suwe pitike cepet muni. “Kukuruyuk… Tuanku Cindelaras, omahe tengah alas,
gendenge godhong kambil, bapake Raden Putra…,”
jago kuwi kluruk bola-bali. Raden Putra kaget krungu kluruk
pitike Cindelaras.
“Apa bener kuwi?” takon baginda gumun.
“leres Baginda, jeneng kula Cindelaras, embok kulo yaiku
permaisuri Baginda.”
Barengan karo kuwi, sang patih cepet ngadhep lan nyeritoke
kabeh kadadean sing sabenere wis kedadean ana permaisuri.
“kula sampun nglakoni kaluputan,” tembung Baginda Raden
Putra.
“aku arep menehake hukuman sing setimpal ana selirku,”
banjur Baginda karo nesu. selir Raden Putra banjur dibuwang menyang alas.
Raden Putra cepet ngekep anake lan njaluk ngapura awit
kesalahane. Sakwise kuwi, Raden Putra lan abdi dalem cepet njemput permaisuri
menyang alas.
Akhire Raden Putra, permaisuri lan Cindelaras bisa ngumpul
bali. sakwise Raden Putra wafat, Cindelaras gumantekne kedudukan bapake.
Dheweke mimpin negerine kanthi adil lan wicaksana.
Saking: http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2014/08/cerita-rakyat-bahasa-jawa-cindelaras.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar