Dino setu bengi akhir Mei, Shinichi
bali menyang Bandung sakwise liburan seminggu ning Jogja. Kaya biasane Shinichi
nggawa tas loro, siji tas ransel gede isi klambi, buku, laptop lan sakbangsane.
Ditambah siji tas cilik isi oleh-oleh -- salah sawijine bakso gorenge Bakso
Bangjo kidul Pasar Bantul sing kagurihane gawe kangen kanca-kancane. Shinichi
marani loket Customer Service (CS) stasiun sakperlu njaluk dicetakke tiket
kereta api sing wis dipesen seminggu kapungkur lewat situs PT Kereta Api.
Jebulane saiki penumpang kon nyetak
dhewe ning komputer sing disediakake. Ora dilayani meneh dening petugas. Mesti
wae antri, ning antriane ora dawa. Tekan ngarep komputer, ana tulisan Shinichi
dikon nglebokke kode booking sing wis dikirim via email seminggu kapungkur. Wah
nek carane kaya ngene, sesuk meneh dheweke ora perlu ngeprint bukti bayar,
cukup dicatet kode bookinge wae. Luwih gampang. Wasan Shinichi ngetikke kode
booking lan mejet OK, terus komputer otomatis nyetak dhewe tiket kereta api.
Wah pancen canggih tenan pelayanan sepur jaman saiki.
Sakwise nggawa tiket, Shinichi melu
antri arep mlebu strasiun. Tekan ngarep petugas checker, Shinichi ngulungke
tiket lan SIM sakperlu diperiksa kacocokane dening petugas. Bar tikete dicap
dening petugas, banjur mlaku meneh tekan lawang sing dijaga satpam. Satpam uga
meriksa meneh tiket Shinichi karo ngandani menawa Sepur lodaya mengko siap ning
jalur lima.
Jam wolu kurang seprapat, Sepur
Lodaya teka saka Solo. Shinichi mlebu gerbong eksekutif 1, trus goleki kursi
nomor 10C. Wasan ketemu kursine, Shinichi enggal-enggal ngetokke laptop,
buku, lan teh Nu Greentea saka tas. Bar kuwi ngunggahke tas ning kabin
sepur. Rampung tata-tata gawan, Shinichi asyik nyenuk mbukak-mbukak situs
online sinambi ngombe greentea.
Ora lali Shinichi ngobrol karo wong
sing lingguh ning jejere, jenenge Arista, mahasiswi ITB, ayu, putih, duwur,
sing bar dolan-dolan ning Jogja ninggone budhene. Bar kuwi ora kaya adat saben
-- Shinichi kepengen ngruruhi wong sing lingguh ning kursi ngarepe. Jebule
wasan mengo ketok rupane si Justus -- cah anyar sing lagi setengah tahun kerja
ning kantore Shinichi. Justus uga bar dolan ning Jogja, jarene ninggone Oma.
Rampung ngobrol karo Justus,
Shinichi mulai mbukak-mbukak buku sing digawa. Buku karangan Salim A Fillah
sing judule Jalan Cinta para Pejuang. Isine apik banget, nerangake bab-bab
penting ning kehidupan sehari-hari saka sudut pandang psikologi islami. Pokoke
isine top markotop, kaya mbukak tabir perilaku menungsa, lan nunjukke perilaku
kang utama.
Tengah wengi Shinichi nylempitke
buku lan laptop ning pinggir kursi amarga kantong sing biasa nemplek ning kursi
ngarepe ora ana. Mungkin suwek, terus dicopot tinimbang ngelek-eleki. Ora
sakwetara suwe Shinichi turu nglinthek ning kursi. Tangi-tangi jam papat esuk
amarga ana suarane petugas sing lagi nariki selimut kusebab Sepur Lodaya wis
arep tekan stasiun Kiara Condong. Selimut pancen sok ditarik pas sepur arep
tekan stasiun tujuan. Wasan sepur tekan Stasiun Bandung, Shinichi cepet-cepet
medhun sakwise pamit marang Arista lan Justus.
^_^
Awan-awan bar makan siang, Shinichi
lagi kelingan menawa laptope mau ditokke ning kursi sepur, lan durung dilebokke
meneh ning tas. Wah gawat iki!. Berarti laptope ketinggalan ning sepur. Wah mau
bar dinggo saukur dislempitke ning pinggir kursi ora langsung dilebokke tas
meneh, dadine malah lali.
Shinichi mara meneh ning stasiun sakperlu nglaporake laptope sing ketinggalan ning Customer Service stasiun. Wasan dicek dening petugas CS, ternyata durung ana laporan petugas nemu laptop ning gerbong. Banjur Shinichi ditakoni jeneng lan nomor telpon sakperlu ditelpon menawa mengko ana laporan barang temuan. Mbok menawa petugas piket pagi sing wis pada mulih ana sing nemokke laptope Shinichi.
Shinichi mara meneh ning stasiun sakperlu nglaporake laptope sing ketinggalan ning Customer Service stasiun. Wasan dicek dening petugas CS, ternyata durung ana laporan petugas nemu laptop ning gerbong. Banjur Shinichi ditakoni jeneng lan nomor telpon sakperlu ditelpon menawa mengko ana laporan barang temuan. Mbok menawa petugas piket pagi sing wis pada mulih ana sing nemokke laptope Shinichi.
Dina sore nalika lagi ngombe teh
panas nasgithel, Shinichi entuk SMS saka Justus sing isine dheweke nemokake
laptope Shinichi ketinggalan, banjur diopeni. Sesuk arep dibalekke. Justus
njaluk ngapuro amarga lagi sore iso SMS Shinichi, kusebab lagi wae enthuk nomer
hapene Shinichi.
Wah Shinichi seneng banget. Bejo tenan Shinichi dino iki. Dheweke ora sido kelangan laptop amarga diopeni dening Justus. Untung dheweke mau ngruruhi Justus, dadi Justus ngerti menawa laptop sing ketinggalan iku duweke Shinichi. Shinichi bejo kemayangan amarga bab sepele, yaiku ngururuhi wong sing lingguh ning ngarepe.
Wah Shinichi seneng banget. Bejo tenan Shinichi dino iki. Dheweke ora sido kelangan laptop amarga diopeni dening Justus. Untung dheweke mau ngruruhi Justus, dadi Justus ngerti menawa laptop sing ketinggalan iku duweke Shinichi. Shinichi bejo kemayangan amarga bab sepele, yaiku ngururuhi wong sing lingguh ning ngarepe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar