Tukang
angkringan siji iki pancen keren tenan. Ora maido karo rupane. Apa mula ngono,
banjur dandanane mlipis kaya wong kantoran. Apa merga nyandange rapi banjur
katon rupane bagus. Embuh. Bakune, saben-saben kok tansah rapi. Klambi
dilebokake, setlikan alus, nganggo sepatu, sing tansaha elek nanging katon
cemleret, resik. Wingi aku mrene, pas arep mbayar, nyedhaki dheweke, ambune
wangi-wangi sithik. Pancen, nyenengake kang padha jajan ana ing angkringane.
Rikala wingi aku mangan ana ing papan kene, tak takoni, jare badhine lumayan,
kena kanggo nyekolahake anake kang loro cacahe.
Wengi
iki aku mrene maneh. Sasi tuwa ngene bisane mangan mung ana ing angkringan.
Sanajan segane sethithik, mangan rong wungkus wis kena dienggo sangu turu.
Menawa mangan kaya ngene iki ing wayah esuk, srengege munggah urung tekan
tengah mbokmenawa aku wis semaput. Sega sekepel dirubung tinggi, ya iki. Segane
angkringan dilawuhi irisan tempe sacumit. Mbrenik cilik-cilik. Sanajan lawuhe
mung tinggi… eh, tempe, nanging krasa enak, apa sebab wetenge lagi rumangsa
luwe, embuh. Sing penting bengi iki wetengku isih kelebon pangan. Sesuk esuk
sarapane wae sing rada bedha.
Arep
njupuk cakar apa endhas pithik, sesuk gek aku ora oleh pangan. Sangune ora
tekan nggonan. Rak cilaka. Isih untung menawa oleh utangan. Bisa kena dienggo
lantaran panguripan. Lha kanca-kancaku amung padha. Padha-padha ora dhuwe
dhuwit. Mengko malah mundhak bingung golek uwong sing gelem aweh utangan. Dadi
wurung wae anggonku pepinginan. Wong mung arep turu.
Ceck
Ceck Ceck…, wingi, aku mrene sedhelo, tak pikir sing lagi padha mangan kuwi
rombongan seka adoh kang mampir. Lagi piknik, lan kepingin ngrasakake mangan
ana ing angkringan. Menawa wae ora ana angkringan nang kuthane. Nanging dudu.
Iki sing teka padha wae. Rame. Rombongan. Lha, jebul sing jajan ana angkringan
kene pancen bedha. Gumun tenan aku. Wah wah wah, elok tenan, padha mobilan.
Paling ora, sepeda motoran. Rombong-rombongan. Loro, telu, paling akeh pitu
Sing
mudun saka mobil kok ya ayu-ayu, dandanan wadon jaman saiki. Kancanane uga
bagus-bagus, sandangane pada alus lan ambune wangi, kaya sandangan sing
dikumbahke karo londri-londri kae. Aku ora tau mlebu londri, nanging menawa
liwat kae, ambune tekan ngendi-ngendi. Ora ngerti, sandhangan reget kok nganti
dikumbahke. Terus saben dinane kuwi, gaweane ngapa?
Sajakke
dudu mahasiswa. Nanging kok umur-umurane bocah sekolahan. Adoh saka rerupan
mahasiswa sing biasane nyambangi angkringan sasi-sasi tuwa ngene. Biasane, sasi
tuwa ngene bocah kuliahan padha kenthekan sangu. Menawa tanggal enom olehe
memanganan enak-enak. Mengko, menawa tanggal tuwa, sangune kari sithik, kapeksa
nyegah pepinginan, olehe memanganan ora dumeh pingin maneh. Banjur mangane
padha nang angkringan. Lumrahe ngono.
He
he he, aku dadi kelingan awakku dewe sing lagi kere. Proyek, bayarane kok ora
genah. Jare dibayar minggon, iki wis telung minggu urung oleh bayaran.
Pemboronge ra ngerti pa, aku ya kudu kirim dhuwit kanggo mangan anak bojo. Isih
untung anak bojo omahe nang ndeso. Manawa duwite enthek, isih bisa memanganan
arepo mung lawuh janganan saka kebonan. Walah walah…Iki kok dadi aku grundelan
dewe.
Kae,
ana sing teka maneh. Lanang wadon karo bocah cilik. Bocahe cilik semrinthil,
ora duwe wedi. Kaya-kaya wis biasane teko ana angkringan kene. Lha, kendhel
tenan bocah kuwi. Langsung mlayu ndisiki bapak ibune nyedhak marang tukang
angkring. Lho lho lho, langsung njupuk piring banjur njupuki jajanan siji-siji.
E… lha, cakare olehe njupuk kok ya ora siji, loro… njupuke kok ya lima. Apa ya
enthek kuwi mengko. “Om, Om, es jeruk ya Om,” patembunge banjur mlayu rindhik
lungguh ana lesehan kan wus sumadya. Gedhek-gedhek aku ndeleng bocah kuwi mau.
Bapak
ibune nyedhak marang angkringan. Sing wadon njupuk sega wungkusan papat.
Dicekel ana tangane kiwa. ”Pak, piringe pundi nggih.”
“O,
menika Bu, nembe pun betha saking wingking,” banjur diulungake piring kuwi mau
dening si tukang angkringan. Aku ya mung gedhek-gedhek ngerteni si ibu njupuk
gorengan papat, sate puyuh papat, banjur njupuk cakar. Aku melu ngitung, cacahe
jebul rongpuluh. Wayah bapak ibu kuwi mau lagi teka banjur lungguh ana lesehan,
tak kira jajanan kuwi mau ora arep dipangan kabeh. Mengko njaluk diwungkus
digawa mulih kanggo oleh-oleh. Mau njupuk dhisik amarga mengko mundhak ora
kumanan.
Lha
kok enthek, dipangan pawongan loro. Bareng tak gathekke kiwa tengen, lan sing
padha lagi wae teka, njupukke cakar jebul ya akeh-akeh. Njupuke cakar, jebul ya
rong puluh, nek rombongane papat apa lima ya njupuke bisa seket kepara seket
lima. Gendheng tenan aku iki, lha kok melu ngitungi wong padha jajan. Melu
ngitungi wong padha memanganan.
Aku
ngguyu dhewe. Menawa ana sing nggatekke kepara wedi paling. Sajak-sajakke wong
ora genep. Ora waras. Dhewe-dhewe sajak cengengesan. Tak banding-bandingake,
arepa nang angkringan, wis ora bisa diarani sega dirubung tinggi maneh. Cakar
gedhe-gedhe ngono rak ya ora bisa dipadhakake karo tinggi. Tinggine kok gedhe
banget. Lha ora pener. Nanging ya aku mumet nek kon golek, apa ya arane…,
bebasan, apa paribasan, apa wangsalan. Aku ora kelingan. Iku pelajaran wayah
aku SD. Menawa dibalik krasa lucu tur wagu, kepara malah salah, dadi ujaran
kang ora mungkin, sega ngrubung tinggi.
Sing
tak kira bocah sekolahan, bocah kuliahan, tak rungok-rungokake olehe padha
guneman ya ora ngomongake sekolahan, kuliahan. Ora ngomongake skripsi. Babar
blas. Tembung dosen, apa tugas, apa sing ana gegandengane karo kuliahan ora
kocap. Dadi menawane ya dudu bocah kuliahan.
Sing
sisih kulon kae lumrah, wis bebojoan. Dhuwe anak. Katon nanggapi anake sing
lagi cerita bab kanca-kancane sing nakal wayah neng sekolahan kang oleh
paukumam saka gurune. Jare ana kancane sing diukum, dithuthuk tangane ngganggo
garisan karo gurune. Manut critane, gurune pancen rada galak. Bapak ibune
manthuk-manthuk nggathekake criwise anake. Sinambi ora leren anggone
memanganan. Barang cakar rong puluh. Mangane sepuluh-sepuluh.
Mangane
sajak enak tenan. Apa pancen olehe masak enak, apa wong-wong sing jajan nang
kene pancen seneng mangan cakar. Ndilalah dhuwitku kok ya mepet tenan. Menawa
isih kena ngono, tak belani ngrasakake cakar siji wae. Aku yen wis ngerti
rasane, wis ora kakean pitakonan. Wis marem. Sesuk kapan-kapan menawa aku
bayaran, tak coba mangan cakar nang kene. Paling padha wae.
Rombongan
sisih lor katon gumyak banget. Bocah lima. Lanang telu, wadon loro. Pas teko,
aku melu ngitung njupuke cakar seket lima. Isih tambah neko-neko. Tambah
gorengan, tambah krupuk, lan embuh apa wae mau. Ngguyune kok ya cekakakan. Lali
ana wong liya akeh nang kiwa tengene. Nanging tak deleng-deleng wong-wong ya
ora kaget. Biasa wae. Ora keganggu karo ngguyu kang sepuluh meter saka kene tak
kira isih rungu kuwi mau.
“He,
Boby Setu wingi sida ngajak Nency. Apa gelem dheweke kowe sing ngajak dolan.”
“Jelas,
sida. Kowe, pancen kok. Nyepelekake tenan karo aku. Sapa tha, Boby. ngendi ana
sing nolak diajak Boby dolan, he he he..”
“Terus.
Terus piye ceritane. Edan tenan kok kowe ki. Si Nency kuwi ya gelem kok ajak
jejogetan?”
“Mulane
sajak wegah-wegaha kae. Jare isin, ora isa joget. Nanging, suwe-suwe, tak
bujuki terus, lan ngerteni wong kiwa tengene ra bakal nggatekake, akhire ya
gelem joget. Malah jogete, wuisss… edan tenan. Kapan-kapan wae ajaken. Mesthi
gelem. Ngomong wae kancane Boby. Mengko nang kana ketemu Boby. Menawa kowe
ngomong ngono mengko rak wonge gelem.”
“
Kowe pancen T.O.P. B.G.T kok Bob. Top banget, ha ha ha ha…”
Lha
dalah, ngomongake apa kae. Aku ora mudeng.
Ora
krasa olehku mangan sega rong wungkus wis rampung. Biasane malah ora suwi ngene
iki. Mangan, ya mangan wae. Telap telep rampung. Iki mau olehku mangan sajak
suwi. Kegawa karo kahanan. Guluku kok ya seret ngene. Waduh ora pesen ngombe.
Arep njaluk wedang putih mengko gek ora oleh. Luwung bali wae.
“Pinten
mas kula, niki segane wau kalih”
“Niki
nggih mas, nuwun.
Aku
banjur mlayu mak plencing ora nggagas semaure tukang angkringan. Wong aku wis
apal regane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar