Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti
dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara
aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada
sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi,
acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi,
lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono
kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi
aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon
kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar
paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana
meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune
biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone
Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh
yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,”
wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto
durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane
wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung
plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah
Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang
fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal
endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh
arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik
kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas
ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi
kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu
mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan
dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh.
Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen
kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat.
Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik
tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana
tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang
swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi
kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane.
Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora
ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama
ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame,
ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil
BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake
nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek
dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding.
Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul
swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku
isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung
kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung
rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene
swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng
swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku,
kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga
sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar