Ing
sawijining jaman, ana siji kerajan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni
raja kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa.
Saben dina Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul
Enom. Kahanan kui ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng
menyang daerah liya.
Ing
dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep
lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi
digebugi dening grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak
dening Aji Saka kuwi jebulna pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan
kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang
Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah Aji Saka mangkat menyang Medang
Kamulan.
Dalan
nuju Medang Kamulan pancen ora mulus, Aji Saka sempet perang sajrone pitung
dina pitung bengi karo setan panunggu alas, amarga Aji Saka nolak didadekne
budak saka setan panunggu sajrone sapuluh taun sadurung diolehakekne ngliwati
alas kuwi.
Nanging
merga kesektiane, Aji Saka bisa ngendha saka semburan geni si setan lan sawektu
sakwise Aji Saka ndedonga, dumadakan ana sinar kuning cemlorot saka langit
nibani setan penghuni alas lan anggawe para setan ilang.
cerita
rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa Singkat cerito Aji Saka dugi
datheng Medang Kamulan sing katon sepi. Ing keraton, Prabu Dewata Cengkar lagi
nesu amarga Patih Jugul Enom ora nggawa tumbal menungsa kanggo sang
Prabu.
Sawisi
dugi dening keraton Medang Kamulang Aji Saka ngadhep Prabu Dewata Cengkar lan
nawarake piyambake supaya dipangan dening sang Prabu kanthi opah lemah sa’amba
serban sing digunakne dheweke.
Wektu
dekne kabeh lagi ngukur lemah kaya panjaluke Aji Saka, dumadakan serban kang
sakdurunge dienggo ana sirah Aji Saka terus melar dawa nganti ambane ngluwihi
amba saka tlatah kerajan Prabu Dewata Cengkar. Prabu nesu sakwise ngerteni niat
Aji Saka sayekti yaiku kanggo mungkasani kekejemane.
Sawektu
Prabu Dewata Cengkar lagi nesu, serban Aji Saka njiret ing awak sang Prabu.
Banjur awak Prabu Dewata Cengkar diuncalna Aji Saka lan tiba ana segara kidul
banjur ilang digulung ombak.
Aji
Saka banjur dinobatkan dadi raja Medang Kamulan. Piyambake mboyong bapake
angkat menyang keraton. Mego pamerentahan kang adil lan wicaksana, Aji Saka
bisa ndadekna kerajan Medang Kamulan dening jaman paling makmur, jaman kang
para rakyat urip tenang, tentram, makmur lan raharja.
Dari
kisah cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa diatas dapat kita
ambil pelajaran bahwa seorang pemimpin seharusnya memimpin dengan bijaksana dan
mementingkan kepentingan rakyat di atas kepentingan pribadi. Semoga bermanfaat.
Saking : http http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com/2015/02/cerita-rakyat-aji-saka-dadi-raja-medang.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar