Rabu, 04 Maret 2015

Cara Mudah Membuat Email Baru Di Gmail,Gratis!!!

Nggawe email ning Gmail, guampang pang pang…
Cara membuat Email di gmail, silakan ikuti langkah-langkah gampang berikut.
1.                   Buka http://gmail.com
2.                   Klik Buat Akun di bawah form login.
3.    Anda akan masuk ke halaman pengisian data, silahkan isi formulir pendaftaran sesuai data pribadi Anda, jangan pake data orang lain, oke bro…

1.              Nama : Isi dengan nama depan dan nama belakang Anda.
2.              Pilih nama pengguna anda : Isikan alamat email yang anda inginkan (nama email harus belum digunakan orang lain).
3.              Buat sandi : Isi dengan password yang anda ingikan, pake huruf dan angka biar sulit dibajak (emange sawah, wkwk).
4.              Konfirmasi sandi anda : Masukkan ulang password anda (podo persis karo password mau).
5.              Tanggal lahir : Silahkan isi dengan tanggal lahir Anda.
6.              Gender : Pilih jenis kelamin Anda.
7.              Ponsel : Isikan dengan nomor telepon Anda.
8.              Alamat email anda saat ini : Masukkan alamat email lain (masukkan jika ada). Bisa anda kosongi.
9.              Boleh dicentang boleh tidak. Kalau tidak dicentang, masukkan kode yang ada di bawahnya.
10.         Masukkan kode (contoh : 170).
11.         Lokasi : Isi dengan lokasi negara tempat anda tinggal.
12.         Centang dua persyaratan dari google tersebut dan klik tombol Langkah berikutnya.

4.    Setelah anda mengisi formulir pendaftaran, anda akan dibawa ke halaman verifikasi akun, klik Lanjutkan..


5. Anda akan diberi kode verifikasi yang dikirim oleh google secara otomatis ke nomor telepon yang anda isikan tadi. Kemudian masukkan angka verifikasi ke dalam kotak yang tersedia. Jika sudah, silahkan klik Lanjutkan.


6.    Anda akan dibawa ke halaman Profil, langkah selanjutnya adalah menambahkan foto profil. Jika anda sudah punya silahkan ditambahkan dengan mengklik "Tambahkan foto". Jika Anda tidak ingin menambahkan foto, langsung klik aja “Tidak, terima kasih”.
7.   Jika semua langkah di atas sudah Anda lakukan dengan benar, akan ada ucapan sambutan dari Google. Klik Lanjutkan ke Gmail.
8. Sebelum Anda dibawa ke halaman muka Gmail. Google akan menawari Anda, klik aja berikutnya.

Sampai muncul halaman di bawah. Lalu klik Buka Gmail.

9.     Anda langsung dibawa ke halaman muka Gmail, itu artinya email Anda sudah jadi.


Selesaiii…
Gimana Sobat, mudah kan nggawe email di Gmail…J





Cara Mudah Membuat Blog di Blogger


Syarat utama sebelum Anda membuat blog di blogger adalah memiliki alamat email yang masih aktif, jika Anda belum punya email, silahkan buat dulu. Kalau sudah punya email, langsung saja ikuti langkah di bawah ini.

1. Silahkan Anda kunjungi http://blogger.com/

2. Kemudian lihat di kanan bawah, rubah bahasa menjadi bahasa Indonesia agar lebih mudah











3. Masuk/login menggunakan username/nama pengguna serta password gmail anda ( akun email anda bisa juga untuk login ke blogger).



4. Isilah formulir data Anda yang terlampir seperti:


§  Nama tampilan : isi dengan nama yang akan ditampilkan pada profile blog anda.
§  Jenis Kelamin : pilih jenis kelamin Anda, misalnya: Pria.
§  Penerimaan Persyaratan : Ceklis sebagai tanda anda setuju dengan peraturan yang telah di tetapkan oleh pihak blogger. Sebaiknya baca terlebihdahulu persyaratan dan ketentuan yang diberikan pihak blogger agar Anda mengerti.

5. Klik tanda panah bertuliskan “Lanjutkan”. Kemudian klik "Blog Baru"



6. Selanjutnya isi formulir data blog Anda pada form yang disediakan seperti:


§  Judul : Isi dengan judul blog yang Anda inginkan, misal : Panduan dan Tutorial Blogger
§  Alamat : isi dengan alamat blog yang di inginkan.
§  Template : pilih template (tampilan blog) yang Anda disukai
7. Lanjutkan dengan klik tombol “Buat blog!”.



8. Sampai tahap ini blog Anda sudah selesai dibuat, namun untuk menghindari anggapan spam oleh google sebaiknya anda mulai membuat artikel, minimal 1 postingan. Untuk membuat postingan/artikel ikuti
 tutorial blog berikut ini.

9. Klik tulisan "Mulai memposkan



10. Isi judul dan artikel yang ingin Anda postkan di blog



11. Setelah tulisan Anda selesai lalu klik "pratinjau" untuk melihat hasil sementara, jika sudah sesuai maka klik "publikasikan"

12. Selesai dan blog Anda sudah jadi.


Cerkak Basa Jawa: Ora Welas

Wis kulina, wiwit ditinggal embokne dadi T.K.W ing negara Jiran, Warni tangine kulina esuk jam papat. Masak kanggo simbok, bapak, lan adhine, Warti sing isih klas lima S.D iku, rampung masak nggugah adhine, dikon ngrewangi nyambut gawe (nyapu latar). Warti ya manut, awit mbakyune pancen sing ngrembug sakabehe.
Sawise padha adus lan sarapan bocah loro siap-siap arep sekolah. Warni ana S.M.U. negeri klas telu, adohe saka ngomah udakara kilometer telu, dene sekolahane Warti mung ana kidul desa. Budhale bareng digoncengke pit mbakyune, dene mulihe mlaku karo kanca-kancane.Sardinah embokne, wis telung taun melu ngumbara ning Malaysia bareng tangga-tanggane sing sedesa kana ana wong papat.
Racake padha potholan S.M.A lan S.P.G. kanthi ndaftarake resmi lewat pemerintah. Asile kena dirasakake. Nyatane Warni dhek ditinggal lagi S.M.P. bar ujian, Warti isih cilik lagi klas loro. Bocah loro iku asil saka anggone bebrayan karo Karto, anake mbok Dipo sing mung tangga cedhak. Istilahe pek ngga ngono kae.
Mbok Dipo lan mbokne Sardinah tetanggan apik wis kaya sedulur.Yen ana kekurangan kabutuhaning urip sedina-dina, lih sinilihan,utang-utangan, pokoke endi sing ana. Padha dene mung anak-anak siji. Karto bocah ontang-anting, dene Sardinah ya ora duwe tunggal. Wong tuwa mbiyen ngono lumrah, yen atine padha dene cocok, njur padha ayon-ayonan njodhokke anake, ben terus olehe padha seduluran. Sardinah senajan bocah wedok ijen, ning dening mbokne digegadhang mbesuke bisa dadi wong sing mandhiri, mula sekolahe disurung-surung tenan ben maju lan pinter. Gaweyan ngomah ya ditrapi apa lumrahe bocah wadon.
Ya reresik, ya mangsak, ya dikongkon nyumbang, rewang, layat. Wis pokoke Sardinah prigel ing samubarange, gek sekolahe ya pinter. Eman, bapake wis ngajal dhek Sardinah umur 10 taun. Bapake mbiyen nyambut gawe neng air minum, dadi mbokne ya nduwe pensiun janda. Seje karo Karto, anak lanang siji, bapake banjar pekarangane amba, sawahe akeh. Mula janji ngati-ngati olehe ngecakke mesthi bakal cukup.
Karto, dhek isih ana S.D, S.M.P, sekolahe ndalan bijine ya cukup. Ning bareng pindhah ana S.M.A dadi malih. Kakehan kanca, sing senengane mung ubyang-ubyung. Bapak mbokne ora jeleh-jeleh anggone ngandhani, ning Karto kanthi nylimpet-nylimpet isih wae olehe ubyang-ubyung ora genah. Saking juweh lan tlatene anggone nyurung-nyurung wong tuwane, sidane ujian S.M.A ne ya katut lulus, senajan kanthi biji sing ngampret.
Seje karo Sardinah, dhasar bocah tuwajuh, pethel, nurut karo wong tuwa, mula asil bijine ujian ya maremake, sasat kabeh angka wolu. Mbokne bungah lan mongkok. Ning ya kuwi, senajan Sardinah wis cemetha yen kepingin nerusake, ning mbokne kandha yen ora. Wong kuliah mono ragade akeh, njur dhuwit saka ngendi? Yen mung mogol neng tengah-tengah rak malah eman-eman mesakake lehe nglakoni. Dhasar Sardinah bocah mbangun miturut, mula ya manut trima mothol S.M.A. Beda karo Pak Dipo mbok Dipo olehe ngrih-arih Karto dikon kuliah, embok menawa mengko bisa mergawe apa ta apa, syukur bisa dadi pagawe negri.
Piye wangsulane Karto? Jare pingin kawin dhisik ben atine tenang, mengko njur kuliah. Mangka sing disir ora liya ya Sardinah tanggane cedhak sing srawunge sasat saben ndina. Gandheng wong tuwane padha cocoge, tur Sardinah ya manut mituhu karo mbokne, mula bareng dilamar Pak Dipo kanggo Karto, ya njur entuk ngono wae. Malah mung ganti sasi njur dinikahake. Kesaguhane kuliah, Karto mung ndobos, wong dhasare utege kethul tambah keset pisan. Kesenengane dolan isih kaya nalika jaka.
Tujune Pak Dipo lan bojone tresnane kepati karo mantune. Dhasare Sardinah pinter momong maratuwa. Dadi senajan dina-dinane Karto mung lang-leng dolan sing ora juntrung, ning uripe Sardinah lan mbokne tetep ayem tentrem disangga maratuwane. Pas setaun bebrayan pinaringan momongan lair wadon ya Suwarni sing saiki wis dadi prawan cilik sing sekolahe wis kelas telu S.M.P. Lan lair meneh wadon sing banjur dijenengi Suwarti, saiki S.D klas loro. Sejatine Sardinah krasa yen polahe sing lanang saya suwe saya ndadra.
Sardinah ya krungu saka tangga-tangga, kejaba ubyang-ubyung dolan, ning Karto ya bojone kuwi sok melu umben bocah enom-enom. Bab dhuwit, mesthi wae ya njaluk mbokne senajan cara dhelik-dhelikan aja nganti ngerti Sardinah. Warni anake sing wis gedhe kerep weruh bapakne ndhodhosi dhuwite mbahne lan banjur wadul marang embokne. Saking kerepe, Sardinah wedi yen nganti diarani, mula niate arep ngajar bojone ben gelem nyambut gawe. Bareng ing ndesane cah-cah enom dha ndhaptarke dadi T.K.W. ing Malaysia, Sardinah mung rembugan karo Warni lan embokne melu dhaftarake, pingin nyambut gawe sing gajine jare kena dirasakake.
Endilalahe wae bocah sedesa papat kok katut kabeh, klebu Sardinah. Ulehe kandha karo bojo lan maratuwane sa kloron, bareng budhale ning Jakarta (ing papan pelatihan kerja) keri sepasar. Sardinah kandha maratuwane, yen sasuwene dheweke nyambut gawe, mbokne lan Warni wis mrantasi. Kepeksone Pak lan Mbok Dipo ya ngidini, merga Warni kekarepane wis ora bisa dipenggak maneh. Ora wurung dening bapak mbokne, ya mung Karto sing diomeli terus, dadi suhing keluarga kok emoh nyambut gawe. Bisane mung nguthes-uthes dhuwit wong tuwane.
Nalika ditinggal lagi sesasi rong sasi ya gelem rewang-rewang wong tuwa nggarap sawah, ning dhasar wong wegahan, mula ya gampang wae jeleh, kesenengane lawas bali malah kepara ndadi, awit bojone sing mbiyen tansah ngelokake saiki wis ora ana. Wong tuwane wis ora digubris. Nalika lunga nyandhak patang sasi, Sardinah wis kirim dhuwit Warni liwat pos, sing ya lumayan yen mung kanggo urip lan mbayar S.P.P. sing wiwit mbokne lunga nunggak durung dibayar.
Karto ngerti, mula saiki ora mung mbokne sing dadi sasaran yen butuh dhuwit, ning karo Warni anake ya tegel nembung. Pokoke Karto saya sakarepe dhewe. Nalika Warni ngurus layang-layang kanggo njupuk dhuwit kiriman saka mbokne ana kalurahan, Warni didangu Pak Lurah blaka apa anane. Uga bab kahanane Karto bapakne. Ngendikane Pak Lurah : ?Warni, sarehne omahmu mung mepet bale kalurahan, apa gelem yen kowe ndak wenehi tugas nyapu njero pendhak esuk sadurunge mangkat sekolah? Pendhak sasi mengko kowe ndak wenehi jajan. Dene nyapu lan reresik njaba wis ditandangi Pak Truno (Pak Bone).?Barang wis mikir-mikir sedhela Warni mangsuli : ?Inggih, Pak Lurah, kula purun.? Pak Lurah mesem, banjur ngendika : ?Yen ngono, kowe ndak cekeli kunci kanggo mbukak yen arep nyapu, kunci sijine wis digawa Pak Dhukuh, kanggo mbukak yen wis jam kerja.?
Tekan ngomah Warni kandha karo simbok lan adhine, kabeh setuju. Pokoke gaweyan ngomah bareng-bareng ditandangi, kejaba Karto bapakne sing padha disekarep. Wiwit iku Warni tambah nduwe tugas reresik njero ing kantor bale Kalurahan. Ora beda karo Sardinah mbokne, anggone sregep, tawekel ing samubarang gawe. Dhasar wis dilatih nyambut gawe wiwit cilik, mula kabeh gaweyan dilakoni kanthi seneng. Lumakune wektu ora rinasa, Sardinah nyambut gawe ana paran wis ngancik telung taun.
Saiki Warni wis klas telu S.M.U. Dhuwit kiriman saka mbokne dicakke kanthi ngati-ati, malah bapakne dijatah supaya ora tansah njaluki wae. Dene sasen saka Pak Lurah ditabung, isih tambah turahan sithik-sithik saka mbokne uga dilebokke pisan. Kabeh mau ndadekake Warni mundhak greget sinau lan nyambut gawe, uga saya P.D karo apa sing ditindakake. Mbah-mbahe padha seneng lan marem nduwe putu Warni. Adhine uga dikulinakake dhisiplin lan mandhiri kanthi conto-conto gaweyan ing saben ndinane.
Perkara bapakne, kabeh wis ngejarke disekarep. Senajan adoh, weling sing arupa pitutur lewat surat-surate mbokne yen karo kirim dhuwit tansah diestokke dening Warni lan adhine. Kaya dene unen-unen kae tenan. Senajan adoh papane antarane mbok lan anak, ning ing atine kekarone cedhak banget, sing ndayani padha dene aweh daya kekuwatan anggone padha ngayah-ayahi jejibahane. Sing sekolah ya tambah sregep sinau, ngelingi wong tuwane sing nyambut gawe neng paran, dene sing neng paran ya tambah semangat leha nyambut gawe.
Ngelingi anak-anake sing padha ana ngomah padha maju sinaune merga saka prihatine wong tuwa. Kosok balen karo Karto bapakne. Dhuwit saka anake mung dienggo seneng-seneng dhewe, yen kurang nggedhak bapak utawa embokne. Warni senajan ora kejarag neng wis krungu sriwing-sriwing, yen bapakne anggone kerep ora mulih kuwi saiki katut babon. Mangka babon kuwi wis nduwe jago, sing saiki lagi nyabut gawe neng Arab ngadu nasib. Dhuwit ajeg dikirim mulih, ning sing wadon ya malah seneng-seneng karo bapakne Warni kuwi.
Kabar mau wis ubur, ning Warni emoh nyampuri urusane wong tuwa, dhasar bapakne dikandhani mboke wae mbantah, biasane bapake njur malah nesu lan mecahi bekakas. Babon sing diereki Karto mau ora liya Mbok Darwi, sing mbiyen gaweyane adol gorengan ning saiki wis ora. Ya mung malah ngundher neng ngomah didhekemi Pak Karto kuwi. Tangga teparone ya wis sok padha nyindhir-nyindhir ning mbok Darwi ya teblek wae, dhasar rai gedheg. Merga risi entuk wadulane tangga, Pak Dhukuh wis tau kandha : ?Mbok Darwi, sampeyan niku biyen dodol gorengan, saniki kok malah nganggur, rak mesakake Pak Ngali bojo sampeyan sing teng Arab ta? Direwangi bebara teng njaban rangkah adol tenaga kok sing teng ngomah mung seneng-seneng nganggur, mbok nggih nyambut gawe napa ta napa!?.
Mbok Darwi mangsuli entheng : ?Pak Dhukuh, wong bojo kula mawon akon kepenak, kok wong-wong niku dha iyik. Tikna jenengan rak disogoki wong-wong niku ta??. Pak Dhukuh lunga karo kandha semu ngancam. ?Embok Darwi, kula empun ngelingke sampeyan lho, mangkih nek masyarakat niku nesu desane diregedi mang tanggung dhewe.? Mbok Darwi meneng wae. Saiki nek kencan karo Karto kanthi ndhelik-ndhelik ora wani ngedheng, kerepe wayah bengi.
Ngarepke Warni ujian klas telu, mbokne ngabari yen entuk cuti rong minggu, niate arep mulih, ning wektune durung bisa nemtokake. Dhuwit saka paran arep ditransfer wae neng rekeninge Warni, supaya neng ndalan slamet, ora ana rasa wedi yen, di grayak wong. Warni isih meneng wae karo wong ngomah, merga dina lan tanggale mbokne bali durung mesthi.
Pancen, samubarang kuwi yen ora dipikir, malah ora dadi beban penalaran. Kaya dene Warni ora mikir mulihe mbokne. Ing wayah sore nalika Warni lagi siram-siram latar, ndadak ana taxi mlebu pekarangan njur mandheg neng latar. Warni kamitenggengen lehe nyawang. Bareng lawang taxi dibukak, Warni mbengok sora : ?Mbah ? mbah? mbah ?dhenok, Warti ?gilo simbok mulih !? Sing ana njero omah kabeh metu, banjur ngruyuk sing lagi teka. Warni lan Warti ora lerem-lerem nggone ngambungi mbokne, sing saka pangrasane saiki.
Mbokne mundhak ayu lan putih, gek ya lemu pisan. Kabeh mlebu ngomah kono nggawa gawan tas lan koper, mestine isi oleh-oleh. Lagi wae padha lungguh karo crita ngethuprus, ndadak saka dalan ana mobil polisi ngunekake sirene mlebu pekarangan. Wong saomah padha kaget. Let sedhela, saka mobil patroli mau, ana polisi mudhun, uluk salam terus mlebu. Pak lan mbok Dipo sing methukke. Pitakone polisi : ?Leres, pak, mriki griyanipun Pak Karto ingkang semahipun wonten Malaysia??.
Gupuh wangsulane Pak Dipo : ?Inggih, Pak Polisi, wonten punapa??. ?Anu, Pak, nyaosi pirsa keluarganipun Pak Karto, menawi piyambakipun sapunika wonten griya sakit, saking keluarga dipun aturi nuweni!?. ?Wonten punapa, Pak, anak kula Karto??, pitakone mbok Dipo groyok. ?Anu ?. Keng putra dipun kroyok masa, mergi slingkuh kaliyan tiyang estri ingkang dipun tilar semahipun nyambut damel dhateng Arab, masa mboten trimah?. Krungu kandhane polisi mau, Sardinah sing lagi wae teka dhok, langsung jempling ngloso ana njogan. Sambate : ? Walah kang Karto ? patrapmu kok saya ndadi, saiki malah kowe diajar wong akeh merga pokalmu. Kowe kok ora welas karo aku ta kang ?.??



Cerkak Basa Jawa: Kedhuwuren

Nalika Tarmin ngiling-ilingi jam sing dienggo ing tangane, wis nuduhake jam rolas kurang seprapat. Dheweke ngulet terus ngrogoh sake ngetokke rokok tujuh ename, dijresi rek banjur diakep.
Bengi kuwi dheweke jaga ijen, merga Dalijo tunggu mbokne sing mondhok neng Rumah Sakit. Tarmin banjur metu saka pos jaga parkir, saperlu control. Satemene ora ona sing perlu di kuwatirake, amarga mlebu metune wong (pengunjung) Cafe ketok ngegla saka pos jaga kono.
Ning Tarmin tetep ora lirwa karo tugase, jer maling mono julige kepati-pati.
Kok dhewekan mas Min, dhik Dalijo neng ngendi ?? Keprungu swara kenya sing banget di apali. Dheweke noleh, jebul tenan, kenya ayu, awake mrusuh rambut sa pundhak, kathik irunge mbangir, kulite kuning, alus lan lumer.
Sasat wong sak Cafe Firdaus ngerti, yen Vera ya jenenge bocah kuwi, anake sawijining konglomerat. Sing kabare wong tuwane kuwi melu dhuwe saham neng Cafe kono.
Ning jare wong tuwane sakloron ana luar negri, ya merga tugase minangka konsultan. Dene Vera neng kutha iki mung karo Eyang lan rewang-rewange.
Vera mono senajan anake wong mblegedhu, ning sasat karo kabeh karyawan Cafe kono kenal apik. Grapyak sumanak, lan murah esem. Adoh saka watak sombong lan angkuh. Tangkebe saka karo karyawan penting, nganti karo tukang kebon lan tukang parkir padha wae.
Mula ora aneh yen karyawan Cafe Firdaus kono akeh sing naksir, ning ya mung mandheg neng karep, merga ora wani nyedhaki, ana rasa ering lan sungkan.
Nalika jam siji luwih sithik katon Vera wis metu saka Cafe, Tarmin age-age methukke karo takon :
Yah mene kok wis arep kondur mbak Vera, kancamu mau njur padha neng ngendi ??
Bocah-bocah lagi dha goyang ngebor. Aku dhisiki mulih, merga sesuk rak ujian?, wangsulane karo mesem ….. manis banget. Tarmin dadi munggah medhun kalamenjinge, kanggo sawetara njur unjal ambegan. Nuli sumambunge :
Wong esuke arep ujian kok bengi klabping?.
Lha wingi aku wis nggethu sinau je mas, iki rekaku rak kanggo refreshsing ben utege ora spaneng?. Kandhane Vera karo ngulungake karcis mobil isih diembel-embeli eketan ewon. Nalika Tarmin lagi ubeg ngetungake susuke, Mobil Espass abang tuwa sing disetiri Vera kuwi wis nggereng. Tarmin saya ribut karo kandha :
Mengko dhisik mbak, iki lho susuke dienteni?. Wangsulane Vera saka mburi setir :
Wis rasah mas, nggonen jajan wae, ning eling lho aja nggo ngombe? (sing maksude mabuk).
Durung nganti Tarmin ngucapake atur panuwun, mobil wis gleser-gleser metu saka arena parkir tumuju dalan gedhe diuntapake panyawange Tarmin nganti ilang di untal sepining wengi.
Wis rong taun iki Tarmin sawise ngrampungeke SMA ne njur nyambut gawe dadi tukang parkir ing Cafe Firdaus, merga di gawa Dalijo tanggane. Ngelingi angele jaman saiki golek gaweyan, mula pangajake Dalijo sing pancen dikongkon atasane golek kanca wong siji maneh kuwi, Tarmin nyaguhi kanthi seneng, lan ya njur nganti tekan saiki kuwi.
Tarmin unjal ambegan dawa kanggo ngilangake rasa semumpel ing dhadhane, karo batine :
Pancen penak tenan kok dadi wong sugih kuwi, sruwa-sruwi keturutan.
Kaya Vera kuwi sekolah sagaduk-gaduke utege keturutan, kanthi tanpa mikirke wragad, isih bisa nyambi seneng-seneng sakatoge neng papan-papan sing sarwa ngguwaki dhuwit.
O ………. kok adoh banget sungsate karo uripku. Wiwit cilik aku wis ditinggal mati bapak, urip karo simbok isih sekolah wis di ajak dhanyang-dhanyang buruh sakecekele, kanggo mangan lan wragad sekolah.
Mangka nyatane bareng wis lulus SMA ya njur macet. Arep neruske, cetha ora ana beaya, gek nglamar wis ana yen mung limalas bendhel lamaran sing wis dikirimake, nyatane ya ora ana siji wae panggilan sing teka.
Begjane dene Cafe Firdaus isih mbutuhke tenaga parkir siji. Malah saiki entuk tepungan wong ayu ……. sugih ….. grapyak tur welasan pisan.
Tarmin rumangsa kerep banget entuk cipratan saka dhuwite Vera sing turah-turah.
Janji mbayar parkir mobil, embuh kuwi limang ewu, sepuluh, limalas ……. blas ora tau gelem disusuki. Anehe Vera yen teka Cafe, Vera ora njur mlebu, ning malah neng parkiran nganti suwe, ngobrol-ngobrol karo Dalijo lan Tarmin, kadhang-kadhang Diran tukange kebon ya melu ngglanuk ana kono.
Mesthi wae ngono mau yen dhong sela utawa rampung gaweyane. Bareng Dalijo mbokne wis mari, bali mlebu nyambut gawe ketemu Vera ditakoni :
Mbokmu larane wis mari dhik ??
Uwis mbak, marine bareng tak turuti karepe simbok?
Lha karepe simbokmu apa, dhik?. Vera ndhedhes.
Anu mbak, aku dikon rabi sing milihke ya mbokku kuwi. Jare bocahe kuwi dodol sayuran neng pasar. Mbiyen mbokne bocah kuwi kancane simbok? Dalijo kandha jujur.
Njur olehmu arep nglakoni rabi kuwi kapan dhik??
Aku ya kandha mbak, janji simbok njur mari, aku ya gelem rabi ta wis?, ngono kandhane Dalijo.
Wah kuwi kowe wis dadi anak sing apik banget, dhik, dene wis nyendikani dhawuhe wong tuwa?. Nalika wis tutug lehe ngobrol, sadurunge mlebu Cafe, Vera ndudut dhuwit atusan abang loro saka sake nyedhak Dalijo karo kandha :
Tulung dhik, dhuwit iki kanggo simbokmu, samangsane butuh obat utawa jamu ben ora ndadak ngenteni mulihmu saka nyambut gawe? Dalijo nampani karo kandha :
Trima kasih ya mbak, mbak Vera tansah kerep maringi aku sakanca?.
Ya padha-padha, O iya dhik, sesuk nek kowe arep kawin, aku kandhanana, sesuk ndak wenehi tambahan modhal kanggo calon bojomu?. Bubar kandha ngono Vera njur gage mlebu Cafe. Saiki keri wong loro Dalijo lan Tarmin sing lagi neruske omong-omongan.
Ta rak iya ta Jo, Vera kuwi bocah apik njaba njerone. Ya atine ya rupane, mangka karo aku kuwi jan …….. apa-apa di critakke?
Kuwi jenenge percaya karo kowe, nyatane gelem curhat.?
Aku sok mikir sing ora-ora je Jo, gek-gek Vera kuwi seneng karo aku?
Wah Min, kuwi kowe jenenge GR, mbok aja keblabasen lehmu mikir. Vera kuwi dudu levele awake dhewe. Pancen karo sapa wae ya nggono kuwi, grapyak, akrap …… lan ya apikan.? Kandhane Dalijo ngelingke Tarmin.
Ning rakya bisa wae ta Jo, anak konglomerat seneng karo anake wong mlarat. Jaman saiki lho Jo, sapa ngerti wolak-waliking jaman. Tur manehe, sapa ngerti, aku duwe nasib sing becik?.
Wah …… wah…. wah ….. Min, elinga ya ! Kowe kuwi ngimpi mabur ya kena, ning aja dhuwur-dhuwur, nek tiba kantep mundhak lara. Mangka sing bisa nulangi ya mung awakmu dhewe, wong kowe sing ngimpi.?
Jo, kabeh mau bisa wae kelakon, jare Jalma mono tankena ingina (di ina).?
O Min …. kowe elinga, balia mawas dhiri, bisa wae kelakon kaya kandhamu, ning kerep-kerepe mung tinemu ing crita filem utawa sinetron. Aku kuwi mung mesakke kowe Min, mergane yen kabeh mau ora maujut utawa kelakon, atimu bakal gela …. cuwa …. lara sing tanpa upama. Olehku ngandhani kuwi rak merga aku tresna neng kowe Min, kowe wis ndak rengkuh kaya dene sedulurku dhewe. Ewadene yen kandhaku mau malah ndadekke atimu ora seneng, ya wis aku wis ora bakal nuturi kowe maneh?. Ngono kandhane Dalijo karo ngadek terus nglungani.
Sikape karo Tarmin ora ngowah-owahi adat. Ning janji durung weruh Vera, saka panyawange Dalijo, Tarmin tansah rongeh, ora jenjem lan bola-bali nyawang dalan karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Dalijo krasa welas lan mesakake banget karo mitrane kuwi.
Seje karo Dalijo, saiki sing dikandhakke olehe arep rabi wae. Nuruti karepe mbokne sing saiki wis waras larane. Dhek emben nalikane ketemu Vera ya wis sida kandha, yen sesasi maneh bakal ningkahan karo Tinem bocah wadon pilihane mbokne.
Vera ya tenan-tenan kandhane kae. Dheweke aweh dhuwit sak yuta karo Tinem kanggo nggedhekake modhale. Wiwit rampung ujiane, Vera saiki wis arang teka neng Cafe, embuh sababe. Ora Kejarag, Tarmin ngudarasa kara Dalijo.
Wiwit rampung ujian kae, ketoke mbak Vera kok arang-arang teka neng Cafe ya Jo?. Dalijo mung mesem karo manthuk wangsulane cekak:
Kok iya, wiwit aku diwenehi dhuwit kanggo tambah modal calonku kae, aku kokya ora tau weruuh. Embuh nek nusul bapak ibune neng luwar negri?.
Suwe-suwe Tarmin dadi ketok angluh, embuh nek ketaman unen-unen Love is blid ngono kae.
Atine Dalijo mung ngrasa welas lan mesakke marang kancane kuwi. Ning arep ngapa, wong nek dikandhani ya ora digubris. Dina Jum?at sore ana pengumuman, yen staf Cafe tertentu ing dina malam Minggu, karyawane bakal ndherek pimpinane jagong undhangane Vera. Dalijo wis ngerti saka kanca karyawan njero ning njarag ora ngandani Tarmin, atine ora tekan.
Bareng karyawan akeh sing metu pating regudug, Tarmin takon salah sawijining kanca njero :
Iki arep dha neng ngendi ta mas Tanta ??
We lha piye ta kowe kuwi Min, genah arep dha jagong nggone mbak Vera neng hotel Paradise jare?.
Undhangan apa nggone mbak Vera ??
Jare undhangan ulang tahun sing kaping rong puluh, ngiras ngresmekake pernikahane karo bule Perancis?.
Dheg ….. atine Tarmin kaya diblegi watu sakentheng, awake saknalika lemes, atot bebayune kaya dilolosi, mripate sakala kunang-kunang ngen.Wusana banjur ndheprok ing triris pos jaga parkir. Awake kaya gombal amoh teles nglmpruk. Sirahe sumendhe tembok, mripate nyawang mendhuwur weruh lintang pating krelip ing tawang sing endah lan mranani. Ning emane ora bisa diranggeh lan di duweni. Kanthi lambe kedher pengresake :
O Vera sing tak tresnani, jebul sliramu saiki wis adoh bangaet saka aku pindha lintang ing tawang. Jebul tenan, aku iki mung ngimpi mabur sing kedhuwuren, wusana bareng tiba, aku ajur sumyur dadi sa walang-walang. Obsesine Tarmin ambyar, malih dadi siladan pring wulung sing banget landhepe, kuwawa mbeler atine sing bisa dadi rojah rajeh tatune, lan dadheake banget perihe. Mula sing bener pepenginan mono samadya wae, aja kedhuwuren.