Nalika Tarmin ngiling-ilingi jam sing dienggo ing
tangane, wis nuduhake jam rolas kurang seprapat. Dheweke ngulet terus ngrogoh
sake ngetokke rokok tujuh ename, dijresi rek banjur diakep.
Bengi kuwi dheweke jaga ijen, merga Dalijo tunggu mbokne
sing mondhok neng Rumah Sakit. Tarmin banjur metu saka pos jaga parkir, saperlu
control. Satemene ora ona sing perlu di kuwatirake, amarga mlebu metune wong
(pengunjung) Cafe ketok ngegla
saka pos jaga kono.
Ning Tarmin tetep ora lirwa karo tugase, jer maling mono
julige kepati-pati.
Kok dhewekan mas Min, dhik Dalijo neng ngendi ?? Keprungu
swara kenya sing banget di apali. Dheweke noleh, jebul tenan, kenya ayu, awake mrusuh rambut sa pundhak,
kathik irunge mbangir, kulite kuning, alus lan lumer.
Sasat wong sak Cafe Firdaus ngerti, yen Vera ya jenenge
bocah kuwi, anake sawijining konglomerat. Sing kabare wong tuwane kuwi melu
dhuwe saham neng Cafe kono.
Ning jare wong tuwane sakloron ana luar negri, ya merga
tugase minangka konsultan. Dene Vera neng kutha iki mung karo Eyang lan
rewang-rewange.
Vera mono senajan anake wong mblegedhu, ning sasat karo
kabeh karyawan Cafe kono kenal apik. Grapyak sumanak, lan murah esem. Adoh saka
watak sombong lan angkuh. Tangkebe saka karo karyawan penting, nganti karo
tukang kebon lan tukang parkir
padha wae.
Mula ora aneh yen karyawan Cafe Firdaus kono akeh sing
naksir, ning ya mung mandheg neng karep, merga ora wani nyedhaki, ana rasa
ering lan sungkan.
Nalika jam siji luwih sithik katon Vera wis metu saka
Cafe, Tarmin age-age methukke karo takon :
Yah mene kok wis arep kondur mbak Vera, kancamu mau njur
padha neng ngendi ??
Bocah-bocah lagi dha goyang ngebor. Aku dhisiki mulih,
merga sesuk rak ujian?,
wangsulane karo mesem ….. manis banget. Tarmin dadi munggah medhun
kalamenjinge, kanggo sawetara njur unjal ambegan. Nuli sumambunge :
Wong esuke arep ujian kok bengi klabping?.
Lha wingi aku wis nggethu sinau je mas, iki rekaku rak
kanggo refreshsing ben utege ora spaneng?. Kandhane Vera karo ngulungake karcis
mobil isih diembel-embeli eketan ewon. Nalika Tarmin lagi ubeg ngetungake
susuke, Mobil Espass abang tuwa sing disetiri Vera kuwi wis nggereng. Tarmin
saya ribut karo kandha :
Mengko dhisik mbak, iki lho susuke dienteni?. Wangsulane
Vera saka mburi setir :
Wis rasah mas, nggonen jajan wae, ning eling lho aja nggo
ngombe? (sing maksude mabuk).
Durung nganti Tarmin ngucapake atur panuwun, mobil wis
gleser-gleser metu saka arena parkir tumuju dalan gedhe diuntapake panyawange
Tarmin nganti ilang di untal sepining wengi.
Wis rong taun iki Tarmin sawise ngrampungeke SMA ne njur
nyambut gawe dadi tukang parkir ing Cafe Firdaus, merga di gawa Dalijo
tanggane. Ngelingi angele jaman saiki golek gaweyan, mula pangajake Dalijo sing
pancen dikongkon atasane golek kanca wong siji maneh kuwi, Tarmin nyaguhi
kanthi seneng, lan ya njur nganti tekan saiki kuwi.
Tarmin unjal ambegan dawa kanggo ngilangake rasa semumpel
ing dhadhane, karo batine :
Pancen penak tenan kok dadi wong sugih kuwi, sruwa-sruwi
keturutan.
Kaya Vera kuwi sekolah sagaduk-gaduke utege keturutan,
kanthi tanpa mikirke wragad, isih bisa nyambi seneng-seneng sakatoge neng
papan-papan sing sarwa ngguwaki dhuwit.
O ………. kok adoh banget sungsate karo uripku. Wiwit cilik
aku wis ditinggal mati bapak, urip karo simbok isih sekolah wis di ajak
dhanyang-dhanyang buruh sakecekele, kanggo mangan lan wragad sekolah.
Mangka nyatane bareng wis lulus SMA ya njur macet. Arep
neruske, cetha ora ana beaya, gek nglamar wis ana yen mung limalas bendhel
lamaran sing wis dikirimake, nyatane ya ora ana siji wae panggilan sing teka.
Begjane dene Cafe Firdaus isih mbutuhke tenaga parkir
siji. Malah saiki entuk tepungan wong ayu ……. sugih ….. grapyak tur welasan
pisan.
Tarmin rumangsa kerep banget entuk cipratan saka dhuwite
Vera sing turah-turah.
Janji mbayar parkir mobil, embuh kuwi limang ewu,
sepuluh, limalas ……. blas ora tau gelem disusuki. Anehe Vera yen teka Cafe,
Vera ora njur mlebu, ning malah neng parkiran nganti suwe, ngobrol-ngobrol karo
Dalijo lan Tarmin, kadhang-kadhang Diran tukange kebon ya melu ngglanuk ana
kono.
Mesthi wae ngono mau yen dhong sela utawa rampung
gaweyane. Bareng Dalijo mbokne wis mari, bali mlebu nyambut gawe ketemu Vera
ditakoni :
Mbokmu larane wis mari dhik ??
Uwis mbak, marine bareng tak turuti karepe simbok?
Lha karepe simbokmu apa, dhik?. Vera ndhedhes.
Anu mbak, aku dikon rabi sing milihke ya mbokku kuwi.
Jare bocahe kuwi dodol sayuran neng pasar. Mbiyen mbokne bocah kuwi kancane
simbok? Dalijo kandha jujur.
Njur olehmu arep nglakoni rabi kuwi kapan dhik??
Aku ya kandha mbak, janji simbok njur mari, aku ya gelem
rabi ta wis?, ngono kandhane Dalijo.
Wah kuwi kowe wis dadi anak sing apik banget, dhik, dene
wis nyendikani dhawuhe wong tuwa?. Nalika wis tutug lehe ngobrol, sadurunge
mlebu Cafe, Vera ndudut dhuwit atusan abang loro saka sake nyedhak Dalijo karo kandha :
Tulung dhik, dhuwit iki kanggo simbokmu, samangsane butuh
obat utawa jamu ben ora ndadak ngenteni mulihmu saka nyambut gawe? Dalijo
nampani karo kandha :
Trima kasih ya mbak, mbak Vera tansah kerep maringi aku
sakanca?.
Ya padha-padha, O iya dhik, sesuk nek kowe arep kawin,
aku kandhanana, sesuk ndak wenehi tambahan modhal kanggo calon bojomu?. Bubar
kandha ngono Vera njur gage mlebu Cafe. Saiki keri wong loro Dalijo lan Tarmin
sing lagi neruske omong-omongan.
Ta rak iya ta Jo, Vera kuwi bocah apik njaba njerone. Ya
atine ya rupane, mangka karo aku kuwi jan …….. apa-apa di critakke?
Kuwi jenenge percaya karo kowe, nyatane gelem curhat.?
Aku sok mikir sing ora-ora je Jo, gek-gek Vera kuwi seneng
karo aku?
Wah Min, kuwi kowe jenenge GR, mbok aja keblabasen lehmu
mikir. Vera kuwi dudu levele awake dhewe. Pancen karo sapa wae ya nggono kuwi,
grapyak, akrap …… lan ya apikan.? Kandhane
Dalijo ngelingke Tarmin.
Ning rakya bisa wae ta Jo, anak konglomerat seneng karo
anake wong mlarat. Jaman saiki lho Jo, sapa ngerti wolak-waliking jaman. Tur
manehe, sapa ngerti, aku duwe nasib sing becik?.
Wah …… wah…. wah ….. Min, elinga ya ! Kowe kuwi ngimpi
mabur ya kena, ning aja dhuwur-dhuwur, nek tiba kantep mundhak lara. Mangka
sing bisa nulangi ya mung awakmu dhewe, wong kowe sing ngimpi.?
Jo, kabeh mau bisa wae kelakon, jare Jalma mono tankena
ingina (di ina).?
O Min …. kowe elinga, balia mawas dhiri, bisa wae kelakon
kaya kandhamu, ning kerep-kerepe mung tinemu ing crita filem utawa sinetron.
Aku kuwi mung mesakke kowe Min, mergane yen kabeh mau ora maujut utawa kelakon,
atimu bakal gela …. cuwa …. lara sing tanpa upama. Olehku ngandhani kuwi rak
merga aku tresna neng kowe Min, kowe wis ndak rengkuh kaya dene sedulurku
dhewe. Ewadene yen kandhaku mau malah ndadekke atimu ora seneng, ya wis aku wis
ora bakal nuturi kowe maneh?. Ngono kandhane Dalijo karo ngadek terus
nglungani.
Sikape karo Tarmin ora ngowah-owahi adat. Ning janji
durung weruh Vera, saka panyawange Dalijo, Tarmin tansah rongeh, ora jenjem lan
bola-bali nyawang dalan karo sedhela-sedhela unjal ambegan. Dalijo krasa welas
lan mesakake banget karo mitrane kuwi.
Seje karo Dalijo, saiki sing dikandhakke olehe arep rabi
wae. Nuruti karepe mbokne sing saiki wis waras larane. Dhek emben nalikane
ketemu Vera ya wis sida kandha, yen sesasi maneh bakal ningkahan karo Tinem
bocah wadon pilihane mbokne.
Vera ya tenan-tenan kandhane kae. Dheweke aweh dhuwit sak
yuta karo Tinem kanggo nggedhekake modhale. Wiwit rampung ujiane, Vera saiki
wis arang teka neng Cafe, embuh sababe. Ora Kejarag, Tarmin ngudarasa kara
Dalijo.
Wiwit rampung ujian kae, ketoke mbak Vera kok arang-arang
teka neng Cafe ya Jo?. Dalijo mung mesem karo manthuk wangsulane cekak:
Kok iya, wiwit aku diwenehi dhuwit kanggo tambah modal
calonku kae, aku kokya ora tau weruuh. Embuh nek nusul bapak ibune neng luwar
negri?.
Suwe-suwe Tarmin dadi ketok angluh, embuh nek ketaman
unen-unen Love is blid ngono kae.
Atine Dalijo mung ngrasa welas lan mesakke marang kancane
kuwi. Ning arep ngapa, wong nek dikandhani ya ora digubris. Dina Jum?at sore
ana pengumuman, yen staf Cafe tertentu ing dina malam Minggu, karyawane bakal
ndherek pimpinane jagong undhangane Vera. Dalijo wis ngerti saka kanca karyawan
njero ning njarag ora ngandani Tarmin, atine ora tekan.
Bareng karyawan akeh sing metu pating regudug, Tarmin
takon salah sawijining kanca njero :
Iki arep dha neng ngendi ta mas Tanta ??
We lha piye ta kowe kuwi Min, genah arep dha jagong
nggone mbak Vera neng hotel Paradise jare?.
Undhangan apa nggone mbak Vera ??
Jare undhangan ulang tahun sing kaping rong puluh, ngiras
ngresmekake pernikahane karo bule Perancis?.
Dheg ….. atine Tarmin kaya diblegi watu sakentheng, awake
saknalika lemes, atot bebayune kaya dilolosi, mripate sakala kunang-kunang
ngen.Wusana banjur ndheprok ing triris pos jaga parkir. Awake kaya gombal amoh
teles nglmpruk. Sirahe sumendhe tembok, mripate nyawang mendhuwur weruh lintang
pating krelip ing tawang sing endah lan mranani. Ning emane ora bisa diranggeh
lan di duweni. Kanthi lambe kedher pengresake :
O Vera sing tak tresnani, jebul sliramu saiki wis adoh
bangaet saka aku pindha lintang ing tawang. Jebul tenan, aku iki mung ngimpi
mabur sing kedhuwuren, wusana bareng tiba, aku ajur sumyur dadi sa
walang-walang. Obsesine Tarmin ambyar, malih dadi siladan pring wulung sing
banget landhepe, kuwawa mbeler atine sing bisa dadi rojah rajeh tatune, lan
dadheake banget perihe. Mula sing bener pepenginan mono samadya wae, aja
kedhuwuren.