Jumat, 27 Februari 2015

Pepujanku
Dening: Jihad (22/9/2014)


Sajroning ati mung tansah ana sliramu
Uga jenengmu, Dhik Laylaku
Nora bakal kaganti liyan, iki janjiku
Aku ora lamis nanging saestu
Hanamung sliramu kang dadi pepujanku
    
          Janma kang lemah tanpa daya
          Isane mung ndonga lan usaha
          Hanyenyuwun mring Gusti Kang Maha Kuwasa
          Antuk garwa kang sholekhah
          Dadi widodari ndonya lan akhirat



Tidak ada komentar:

Posting Komentar