Kamis, 16 Agustus 2012

prasaja















urip kang mung sawetara iki
ora beda karo wong kang mampir ngombe
mesti ora suwe lan bakal mulih
apa pantes awake dhewe adigang adigung adiguna
mamerake kakuatane
ngunggulake kaluhurane
nyombongake kapinterane

urip kang kaya mampir ngombe
luwih becik kang prasaja
apa anane lan ora nggumedhe
kabeh apa kang ana ing donya iki
mung sawetara ora langgeng
wong pintera kaya ngapa bakal mati
wong sugiha kaya ngapa ora luput saka pati
wong kuwatta kaya ngapa mesti mati

prasajaa..
prasajaa..




Tidak ada komentar:

Posting Komentar