Kamis, 25 Oktober 2012

Tembang Macapat


Asmarandana Semarangan


Aja turu sore kaki 
Ana Dewa ngangklang jagad 
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak 
Sandhang kulawan pangan 
Yaiku bagianipun
Wong melek sabar narima 

Kamis, 16 Agustus 2012

Isin


nalika aku tangi wengi,,,
weruh lintang kang akeh,,,
nanging bulan mung siji,,,
bulan kang mung siji diubengi lintang kang akeh,,

weruh kahanan kang kaya ngono kuwi
aku mung nundhuk
isin karepe dhewe


prasaja















urip kang mung sawetara iki
ora beda karo wong kang mampir ngombe
mesti ora suwe lan bakal mulih
apa pantes awake dhewe adigang adigung adiguna
mamerake kakuatane
ngunggulake kaluhurane
nyombongake kapinterane

urip kang kaya mampir ngombe
luwih becik kang prasaja
apa anane lan ora nggumedhe
kabeh apa kang ana ing donya iki
mung sawetara ora langgeng
wong pintera kaya ngapa bakal mati
wong sugiha kaya ngapa ora luput saka pati
wong kuwatta kaya ngapa mesti mati

prasajaa..
prasajaa..